Rikala jaman semana ana salah sijining kaluwarga kang urip ayem lan tentrem. Kaluwarga kasebut manggon ing salah sijining desa ning kabupaten Magelang kang jenenge desa Ngadirejo. Kaluwarga kasebut cacahe mung ana wong telu yaiku Dewi Sekar Arum, anake sing jenenge Jaka Silawe lan rewange sing jenenge Suwiryo. Rewange kuwi wis dinggep kaluwarga dhewe karo wong tuwane Jaka Silawe mergane wis melu kawit biyen. Kaluwargane Jaka Silawe iku klebu kaluwarga kang apik mergane bisa srawung karo brayat desane. Bapake jenenge Ki Supeno. Biyene dadi lurah ning desa Ngadirejo nalika dheweke isih urip. Kadhang Jaka Silawe lan ibune ngrasa sepi banget mergane wis suwi ditinggal mati Ki Supeno.
Saiki Jaka Silawe wis dadi priya dewasa kang duweni pasuryan bagus, pinter, bekti marang wong tuwa lan ora tau mbantah yen dikandhani. Dewi Sekar Arum banget nresnani anake kawit dheweke lair. Dheweke mesthi kelingan janjine marang bojone yen dheweke arep nresnani anake sakabehe.
Ing sawijining dina, Jaka Silawe duwe pepenginan arep ngumbara ning desa liya supaya dheweke tambah ilmu lan pengalamane. Dheweke banjur ngutarakake niyate marang ibune kanggo njaluk ijin arep ngumbara ning desa liya. Sanyatane Jaka Silawe ora tega nanging meh piye meneh amarga kuwi wis niyat saka ati. Dheweke sakdurunge uga oleh ngimpi yen dheweke mengkone saka ngumbara iku arep oleh kabegjan. Nanging dheweke durung ngerti apa sejatine wujud kabegjan kuwi. Sakliyane kuwi dheweke niyat ngumbara uga pengin golek wong wadon kang mengkone yen sreg arep didadekake bojone supaya bisa ngopeni ibune.
Dewi Sekar Arum wiwitane ora tega lan nangis. Dheweke kang mangerteni anake banjur ngrestoni anake. Kanthi rasa sedih, Dewi Sekar Arum ngeterake lungane lan dheweke nyangoni keris kang sekti sarta donga kanggo Jaka Silawe.
Sakwise pamit, Jaka Silawe lunga saka ngomah tumuju arah salah sijining desa ing Borobudur. Ing dalan kono dheweke ketemu karo sesepuh desa kuwi kang sekti, Ki Jago jenenge. Sesepuh iki ngomong yen dheweke ameh bisa ketemu karo wong wadon sing digoleki, nanging dheweke kudu bisa nglakoni syarat antarane : Jaka Silawe kudu bisa urip dadi rakyat biyasa kang apa anane, dheweke kudu ganti jeneng lan dheweke kudu bisa nyaguhi panyuwunan saka wong wadon kasebut. Dheweke banjur ngganti jenenge dadi Jaka Pasemah.
Jaka Pasemah ngumbara tumuju desa kang dikarepake ana ning ngimpine. Tekan kono dheweke ndeleng kahanan kang beda. Desa kuwi aneh ora kaya biyasane. Desa kasebut durung diwenehi jeneng lan desa kuwi uga lagi kena memala yaiku kedadeyan ketiga dawa banget. Sasuwene wis rong taun ora ana udan. Sakliyane kuwi kali kang cacahe ana sanga ning kono uga meh garing. Lurah lan brayat desane pada bingung mergane yen mengko desane dadi garing kabeh tur ora ana banyu, kepriye dadine nasibe sakabehe. Mergane kuwi desa kasebut durung diwenehi jeneng.
Kebeneran Pak Reksa sing dadi lurah ning desa kuwi duwe anak wadon mung siji kang ayu nengsemake yaiku Dewi Sekar Wulan. Dheweke uga banget ditresnani karo Pak Reksa.
Sawijining dina, ing desane Pak Reksa dianakake sayembara. Sayembara iku dianakake uga kanggo kapentingan putrine lan desane. Pangarep-arepe desane bisa pulih meneh kaya biyasane. Kabeh brayat desa nganti para pegawe kelurahan melu sayembara kuwi, nanging durung ana sing bisa nyaguhi syarat panyuwune Dewi Sekar Wulan. Kasempatan kuwi ora disia-siakake Jaka Pasemah kanggo narik kawigatene Dewi Sekar Wulan.
Sore kuwi Jaka Pasemah teka ning ngomahe Pak Reksa mergane dheweke pengin melu sayembara. Ning kono uga ana Lurah saka desa Nglerep. Kalorone banjur diwenehi ngerti syarat-syarat kang diajukake Dewi Sekar Wulan. Sepisan dheweke pengin calon bojone mengkone bisa mulihake desane kuwi, kapindo Dewi Sekar Wulan uga pengin yen bojone mengko bisa nggawe tuk kang cacahe ana sanga. Jaka Pasemah lan Lurah Broto nyaguhi syarat kang diajukake kuwi. Pak Reksa banjur ngenehi wektu pitung dina kanggo nyaguhi panyuwune putrine.
Saka sayembara kuwi Dewi Sekar Wulan kang weruh Jaka Pasemah ing omahe banjur ana rasa. Ora let suwe Jaka Pasemah bisa ngrajut benang katresnan marang Dewi Sekar Wulan. Saben wengi dheweke ngajak lan ngampiri Dewi Sekar Wulan metu saka ngomahe kanggo ndeleng wulan lan lintang ing angkasa.
Sawijining wengi Jaka Pasemah lagi kurang apik nasibe. Dheweke konangan para pegawale Dewi Sekar Wulan. Jaka Pasemah dikira pandung kang arep nggawa Dewi Sekar Wulan. Para pengawal lapor marang pimpinane, Pak Sambiroso. Desa iku dadi geger. Pak Sambiroso mrentahake supaya nyekel pandung kuwi. Jaka Pasemah mbela yen dheweke dudu maling banjur ngomong yen dheweke mau mung pengin ngeterake putri mlaku-mlaku sedhela. Nanging omongane tetep ora dipercaya malah marakake Pak Sambiroso saya nesu lan tetep mrentahake supaya nyekel Jaka Pasemah urip utawa mati. Jaka Pasemah banjur dislametake Kyai Jago nganggo ilmu pancasaktine. Jaka Pasemah bisa lunga saka sekapane prajurit banjur mbalik ning omahe ing tengah alas.
Jaka Pasemah iku ora ngerti yen ibune kangen lan terus mikirake kahanane. Mergane dheweke durung ngenehi kabar sithik-sithika babagan dheweke kang lagi ngumbara kuwi. Dewi Sekar Arum pengin nggoleki anake. Nanging gegayutan kuwi ora bisa dilakoni dheweke mergane para brayat desane lagi pada mbutuhake pitulungane. Dewi Sekar Arum banjur ngutus Suwiryo supaya nggoleki Jaka Silawe nganti ketemu. Dheweke diwenehi keris sekti karo Dewi Sekar Arum kanggo jaga-jaga lan kanggo nglawan musuhe.
Jaka Silawe kang bisa slamet saka pengawal-pengawale Dewi Sekar Wulan banjur mutusake kanggo nggoleki Ki Jago. Dheweke kepengin diwenihi pitedah marang Ki Jago mergane dheweke ora percaya marang awake dhewe. Wektu pitung dina kuwi apa cukup kanggo dheweke nyaguhi panjaluke Dewi Sekar Wulan. Dheweke banjur nggeblas lunga ning desa Borobudur kanggo nemoni Ki Jago.
Lurah Broto kang kawit sepisan ora seneng karo Jaka Silawe banjur ngutus Sambiloso kanggo ngawasi, golek warta lan nyerang Jaka Silawe. Jaka Silawe dianggep saingan lan mungsuhe kang kudu dipateni. Mangkane kawit dheweke metu saka ngomahe duwe pangrasa kang ora penak. Jebule dheweke bakalan diadang lan diserang karo Sambiloso ing tengah dalan. Jaka Silawe sing maune ora ngerti yen arep diserang kuwi kaget banjur dheweke ngetokake ilmu sekti mandraguna supaya bisa nglawan Sambiloso. Jaka Pasemah kang tandhing nglawan Sambiloso kuwi kanthi sakuwat tenaga nglawan mungsuhe nganthi anggone tandhing pindah-pindah panggonan saka desa siji ning desa liyane.
Sambiloso kuwi gelem nrima panjaluke Lurah Broto kang kudu tandhing karo Jaka Pasemah kuwi dadi salah sijining wujud pangabdene marang lurah Broto. Dheweke uga diwenehi keris sekti kang jerone wis diwenehi racun kanggo mateni Jaka Silawe.
Jaka Pasemah lan Sambiloso terus-terusan tandhing adu kasekten. Sambiloso kasil nancepake keris sekti ning dhadhane Jaka Pasemah. Sanalika getih ning awake Jaka Pasemah metu deres. Nanging dheweke tetep bisa mbales nancepake kerise ning wetenge Sambiloso. Pungkasane Sambiloso mati sanalika.
Jaka Pasemah kang kahanan awake kaya ngono kuwi tetep bisa nglanjutake tujuane nemoni Ki Jago. Ora let suwe dheweke tekan ngomahe Ki Jago. Ing kono dheweke diobati banjur ngutarakake niyate kuwi. Dheweke banjur diwenehi pepeling, yen dheweke pengin bisa mujudake gegayuhane kuwi dheweke kudu pasa telung dina lan dheweke kudu ndonga marang Sing Kuwasa supaya dheweke digampangake nglakoni kauripan iki. Kanthi kasektene Ki Jago, Jaka Pasemah bisa pulih kaya biyasane maneh. Dheweke pamitan banjur bali ning ngomahe.
Satekane ing ngomahe Jaka Pasemah kaget mergane ana priya kang lagi liren neng ngarepan omahe. Dheweke ngira yen priya kuwi utusan Lurah Broto meneh. Dheweke langsung siyaga arep nglawan priya kuwi. Suwiryo sing weruh banjur siyaga uga. Kalorone tandhing. Pungkasane Suwiryo kalah lan nyuwun welas asihe Jaka Pasemah supaya dheweke ora dipateni. Jaka Pasemah banjur ngampuni. Suwiryo banjur ngutarakake maksude dheweke bisa nganti tekan kono. Dheweke kuwi mung nitip liren lan dheweke ngomong yen dheweke mung diutus Dewi Sekar Arum kanggo nggoleki anake sing jenenge Jaka Silawe. Jaka Pasemah kang sadar banjur ngomong yen dheweke kuwi sejatine Jaka Silawe nanging merga ngumbara kuwi dheweke ganti jeneng dadi Jaka Pasemah. Suwiryo banjur ngrangkul Jaka Silawe lan dheweke uga ngucapake syukur mergane dheweke wis bisa nemokake Jaka Silawe. Jaka Pasemah banjur nitip salam kanggo ibune lan nitip didongakake supaya bisa tetep nglakoni pangumbarane kanthi lancar. Suwiryo pamit banjur dheweke bali neng desa Ngadirejo meneh mergane dheweke kudu ngancani ibune Jaka Silawe.
Jaka Pasemah kang wis nglakoni kabeh pepelinge Ki Jago ing dina kepitu banjur bali ning desane Dewi Sekar Wulan. Dheweke kanthi pracaya marang awake dhewe teka ning ngomahe Dewi Sekar Wulan. Nanging dina-dina kang ditunggu kuwi kanyatan pupus ing tengah dalan mergane dheweke wis kedhisikan Lurah Broto. Perang tandhing antarane kalorone dibatalake amarga Lurah Broto wis ngomong dhisik marang Pak Reksa yen dheweke kuwi tresna temenan lan duwe pepinginan arep nggarwa Dewi Sekar Wulan. Yen ditolak dheweke bakal ngorak-arik desane. Dewi Sekar Wulan diwenehi wektu sedina kanggo njawab panyuwune Lurah Broto. Kabeh kaluwargane dadi bingung. Bapake mung bisa nyerahake kabeh nasib brayat desane ning tangane Dewi Sekar Wulan.
Jaka Pasemah kang ngerti kahanan penggalihe Dewi Sekar Wulan banjur ngenehi saran supaya dheweke gelem dadi garwane Lurah Broto mau. Ananging ngajukake syarat supaya ora sida perang lan mateni Jaka Pasemah.
Pak Reksa banjur masrahake nasib anake lan desane marang Jaka Pasemah. Dheweke diwenehi tugas nylametake Dewi Sekar Wulan supaya ora sida ngantenan karo Lurah Broto. Dheweke kudu ngrerusak upacara pengantenan kuwi.
Dina kang ditentokake akhire teka. Para pengawale Lurah Broto teka ning ngomahe Pak Reksa. Dheweke nagih jawabane Dewi Sekar Wulan. Dewi Sekar Wulan banjur nyaguhi panjaluke Lurah Broto. Ing dina iku uga dianakake upacara penganten. Ing kono Lurah Broto lan para pengawale dijamu lan diwenehi ombenan sing wis dicampuri racun. Ombenan kuwi bisa mateni sapa wae ewandene wong kuwi nduweni kasekten sing paling sekti. Kasektene Lurah Broto kuwi dadi kurang mergane dheweke lan para pengawale wis ngombe ombenan kuwi.
Nalika Upacara penganten, Jaka Pasemah ngrusak acara kuwi kang nggawe Lurah Broto dadi duka banget. Lurah Broto banjur ngejak tandhing Jaka Pasemah. Lurah Broto kang kasektene dadi kurang kuwi gampang dikalahake. Para pengawale uga ngono. Kabeh pada bisa dikalahake lan dipateni.
Jaka Pasemah kang wis nulungi Dewi Sekar Wulan banjur nyaguhi syarat-syarat panjaluke kang diajukake ing dina-dina kepengker. Dheweke banjur lunga metu menyang kali-kali kang cacahe sanga tur garing kuwi. Dheweke banjur ndonga marang Sing Kuwasa supaya diwenehi dalan sing gampang kanggo nggawe tuk sing cacahe sanga kuwi. Pak Reksa lan Dewi Sekar Wulan sarta brayat desane ngetutake ning mburine. Saben kali diparani Jaka Pasemah tur didongani. Dumadakan awan ning langit dadi mendhung lan kadadeyan udan deres. Kali sing cacahe sanga kuwi banjur pada metu banyune. Kabeh brayat desa kaget lan pada nyebut, “Tuk sanga...Tuk sanga!” Para brayat desa sajak ora percaya mergane entes wae kadadean babagan kang aneh ora kaya biyasane. Para brayat desa, Pak Reksa lan Dewi Sekar Wulan banget matur nuwun marang dheweke.
Pak Reksa banjur ngundhang Jaka Pasemah ing omahe. Ing kono dheweke dijamu lan mangan bareng karo Dewi Sekar Wulan. Jaka Pasemah banjur nyritakake sejatine dheweke. Dheweke ngaku yen putrane Pak Lurah Supeno. Jebule Pak Lurah Supeno kancane Pak Reksa nalika nom-nomane mbiyen.
Pak Reksa banjur ngutus pengawale supaya ngganti klambine Jaka Pasemah. Jaka Pasemah kang maune dadi rakyat biasa kuwi saiki bali ning desane Pak Reksa kanthi klambi kang apik. Ibune Jaka Pasemah banjur dijemput lan diundang ning omahe.
Pak Reksa banjur ngantenake putrine kang ayu nengsemake marang Jaka Silawe kang wis direstoni Dewi Sekar Arum. Sakwise kuwi Jaka Silawe diangkat dadi Lurah ing desane Pak Reksa kanggo ngganteni dheweke. Desa kuwi banjur dijenengi Tuk Sanga kang nduweni Tuk sing cacahe ana sanga mau kang ana ing Kabupaten Magelang. Para brayat desane kauripane dadi ayem lan tentrem.
Sugeng Rawuh
Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun
Senin, November 16, 2009
ASAL USULE DESA TUK SANGA
0 Comments
Langganan:
Posting Komentar (Atom)