Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Senin, November 16, 2009

ASAL-USUL AJIBARANG

Ing jaman semana ana sawijining Negara kang jenenge Galuh Pakuan. Galuh Pakuan kuwi kalebu wilayah Kerajaan Pajajaran. Nalika semana ing Galuh Pakuan lagi ana musibah. Musibah mau awujud mangsa ketiga kang suwe banget. Kabeh mau ndadekake para warga urip sengsara. Para warga padha kurang pangan, amarga mangsa paceklik. Ing kahanan kang mrihatenake mau, bojone Adipati Munding Wilis (Adipati Galuh Pakuan) njaluk digolekake dhaging kidang kang sikile putih.
Bojone Adipati Munding Wilis kandha, “Kangmas, aku kepengin mangan daging kidang kang sikile putih.”
“Panjalukanmu kok aneh diajeng?” ature sang adipati
“Iki dudu panjalukan saka aku kang mas, nanging panjalukane si jabang bayi,” wangsulane bojone Sang Adipati


“Ya wis, nek ngana ngesuk aku tak menyang alas nggolek kidang kang sikile putih,” ature Sang Adipati.
Amarga bojone lagi meteng, mula Sang Adipati nuruti panjalukane bojone. Esuk-esuk sawise pamitan lan wis nggawa sangu kang sacukupe, Adipati Munding Wilis lan punggawane budhal menyang alas nggolek kidang kang sikile putih. Sang Adipati nunggang jaran kang jenenge Dawuk Mruyung. Sang Adipati lan rombongan wis tekan alas. Kahanan ing alas kana sepi banget. Kidang kang digoleki ora ana. Sadurunge oleh kidang kang sikile putih, Sang Adipati lan rombongan kesasar ing desa para brandal (perampok). Pimpinan brandal mau jenenge Abulawang. Banjur Abulawang mrentah anak buahe supaya nggolek pawarta babagan rombongan kang kesasar mau.
“He, kowe! Cepet nggolek pawarta babagan rombongan sing kesasar mau sapa lan apa wae kang digawa!” Prentahe Abulawang.
Anak buahe Abulawang cepet-cepet budhal lan nggolek pawarta babagan rombongan kang kesasar mau. Sawise telung dina, anak buahe Abulawang mulih ngadhep pimpinane, banjur nglapor babagan kasil anggone nggolek pawarta mau.
“Pawarta apa kang arep kolaporake marang aku?” Pitakone Abulawang
“Rombongan kang kesasar wau inggih punika rombongan Adipati Munding Wilis saking Kadipaten Galuh Pakuan. Barang-barang ingkang dipun bekta ugi kathah,” wangsulane anak buahe Abulawang.
“Ya wis, saiki siapake pasukan kanggo nyerang rombongan Adipati Munding Wilis!” Prentahe Abulawang.
Banjur Abulawang lan anak buahe nyusun rencana kanggo nyerang Adipati Munding Wilis lan rombongane. Perang antarane rombongane Sang adipati lan Abulawang akhire kedadean. Sang Adipati lan rombongan kalah, banjur dicekel dening perampok kang dipimpin Abulawang. Kabeh barang-barange Sang Adipati dirampok semana uga jarane. Banjur Sang Adipati diolehake mulih marang kadipaten. Karo nahan rasa kang sedhih, akhire Sang Adipati lan rombongan mulih mlaku, amarga jarane uga melu dirampok.
Sawise tekan ing kadipaten, Sang Adipati ngrasa seneng. Bojone wis nglairake putra kang bagus rupane. Putrane mau nduweni tandha ing lengen sisih tengen yaiku belong “toh wisnu”. Wektu lagi pada seneng-seneng, dumandakan kahanan ing kana dadi ora karu-karuan. Kabeh mau amarga rombongan Abulawang dumandakan nyerang lan mlebu marang kadipaten. Nalika semana umure putrane Sang Adipati nembe patang dina. Kadipaten dirampok lan diobong. Semana uga omahe para warga lan para pejabat kadipaten. Untung wae Sang Adipati ditulungi dening Ki Juru Taman, pembantu kadipaten.
Sawise kahanan aman, Sang Adipati kelingan karo nasibe putrane kang nembe lair mau. Putrane digoleki ing saben pojokan kadipaten, nanging ora ketemu. Ing sawijining dina ana warga kang nglapor yen putrane Sang Adipati digawa lunga (diculik) dening Abulawang. Sang Adipati lan bojone ngrasa sedhih banget. Banjur wong loro nekad lunga nggoleki putrane kang digawa Abulawang. Wong loro mau nyamar dadi wong tani jenenge Pak Sandi lan Nyai Sandi.
Ing Bukit Mruyung (papane para perampok), Abulawang lan bojone ngrasa seneng banget. Amarga Abulawang lan rombongane bisa nyulik putrane Sang Adipati sing bagus rupane. Nanging putrane diaku anak dening Abulawang lan bojone. Abulawang lan bojone gelem ngakoni amarga wong loro mau pancen durung duwe anak. Akhire putrane Sang Adipati mau dijenengi Jaka Mruyung.
Saiki Jaka Mruyung wis ngancik tambah gedhe. Dheweke diwenehi wejangan dening Abulawang yaiku ora kena lunga adoh-adoh saka Bukit Mruyung. Apa maneh nganti metu saka Bukit Mruyung.
Abulawang kanda, “Nduk, kowe ora kena lunga adoh-adoh saka Bukit Mruyung. Apa maneh metu saka wilayah Bukit Mruyung iki!”
“Nggih pak,” wangsulane Jaka Mruyung manut.
Saya suwe Jaka Mruyung ngrasa ora betah manggon ning Bukit Mruyung. Dheweke ora seneng karo wong tuwane kang nduweni watek ala kayata seneng ngrampok, nginum, lan judi. Banjur Jaka Mruyung lunga (minggat) saka Bukit Mruyung. Jaka Mruyung nglanggar janjine marang Abulawang. Jaka Mruyung lunga numpak jaran Dawuk Mruyung. Jaran Dawuk Mruyung mau jebul duweke ramane dhewe (Adipati Munding Wilis) kang biyen dirampok dening Abulawang.

Ana Anak buahe Abulawang kang nglapor yen Jaka Mruyung minggat numpak jaran Dawuk Mruyung. Abulawang mrentah anak buahe supaya nggudag Jaka Mruyung. Jaka Mruyung digudag-gudag dening anak buahe Abulawang, nanging Jaka Mruyung bisa metu saka Bukit mruyung lan ora kecekel.
Karo nggawa sangu, Jaka Mruyung lunga ngetan ngliwati alas-alas. Dheweke tekan ing sawijining papan kang jenenge Dayehluhur. Jaka Mruyung mampir ing omah cilik, duweke Ki Mranggi. Akhire Ki Mranggi ngongkon Jaka Mruyung supaya gelem saomah karo Ki Mranggi lan dianggep putu.
“Ndhuk, kowe manggon neng kene wae ngancani aku!” Prentahe Ki Mranggi
Amarga Jaka Mruyung pancen ora nduwe papan kanggo nginep, banjur dheweke sarujuk.
“Nggih, Ki?” Wangsulane Jaka Mruyung.

Ki Mranggi yaiku bekas prajurit Majapahit kang manggon ing papan iku. Jaka Mruyung diwarahi maca, nulis keprajuritan, bela dhiri, lan ilmu kesaktian. Sawise cukup anggone nimba ilmu, banjur Jaka Mruyung diijinake nerusake pangumbarane nanging saka petunjuk Ki Mranggi kang diolehake saka ngimpine. Jaka Mruyung lunga ngetan lurus ngolek alas kang jenenge Pakis Aji. Sawise alas mau ditemokake, banjur dibabad amarga papan mau besuke bakal dadi Negara kang gedhe. Jaka Mruyung akhire ninggalake papan mau saka pratandha kang wis ditrima Ki Mranggi. Jaka Mruyung uga ninggalake pesen supaya papan mau dijenengi Desa Panulisan kang artine papan Jaka Mruyung bisa maca lan nulis.
Ing sawijining dina, Jaka mruyung tekan ing papan kang amba lan akeh sukete wernane ijo-ijo. Dheweke leren lan jarane mangan suket kang ijo-ijo mau. Banjur papan mau dijenengi Gumelar kang artine papan kang amba. Pangambaraan diterusake lan Jaka Mruyung wis tekan ing sawijining papan lan dheweke ketemu karo wong lanang enom jenenge Tlangkas. Tlangkas menehi ngerti yen Alas Pakis Aji wis cedhak yaiku ing sisih kidul Kadipaten Kutanegara. Akhire Jaka Mruyung nerusake pangumbarane maneh banjur ninggalake pesen kanggo Tlangkas. Pesene yaiku yen besuke Tlangkas arep dijaluki tulung mbabad Alas Pakis aji lan Tlangkas nyangguhi.

Dicritakake yen Ki Sandi wis tekan ing Desa Panulisan lan leren ing omahe Ki Mranggi. Sawise leren ana pirang-pirang dina ing omahe Ki Mranggi, banjur Ki Sandi nyritakake yen tujuane dheweke yaiku nggoleki anake lanang kang nduweni tanda ing lengen sisih tengen yaiku belong “ toh wisnu”. Banjur Ki Mranggi nyritakake yen bocah sing lagi digoleki mau saiki wis gedhe jenenge Jaka Mruyung. Jaka Mruung durung suwe lunga ngetan golek Alas pakis Aji. Ki Sandi ngrasa seneng amarga dheweke wis oleh kabar yen Jaka Mruyung iku anake lanang kang lagi digoleki lan saikine isih urip.
Sesuke Ki Sandi lan bojone nerusake pangambaraane mlaku ngetan nututi bekas lakune Jaka Mruyung. Ki Sandi lan bojone ngliwati kali kang bening banyune lan swarane banter (kemracak). Mula mbesuke papan mau dijenengi Desa Kracak. Ing sawijining papan, Ki Sandi ketemu karo wong lanang kang nggawa buah banjur dheweke takon jenenge buah mau.
“Pak, punika buah napa?” Pitakone Ki Sandi
Banjur wong lanang mau mangsuli nganggo basa Sunda, ”Le mah Gondang amis.”
Ki Sandi takon maneh, “Le mah Gondang amis punika artosipun punapa?”
“Artosipun inggih menika buah gondang kang rasane legi,” wangsulane wong mau.

Banjur papan mau besuke dijenengi Desa Gondangamis. Pangambaraane Jaka Mruyung saiki wis tekan ing pinggir Alas Pakis Aji. Dheweke leren ing papan kang akeh manuk jalake. Papan mau banjur dijenengi Pejalakan. Dheweke mlebu ing Alas Pakis Aji. Jaka Mruyung tekan ing Kali Datar lan ing papan kana uga ana kedung. Ing kedung kana akeh manuk Serwitine. Banjur papan mau dijenengi Kedung Serwiti.
Sawise Jaka Mruyung tekan ing pinggir Alas Pakis Aji, dheweke langsung mbabad alas. Nalika dheweke lagi mbabad alas mau, Jaka weruh ing sakitare kana ana wong akeh kang lagi padha gawe tambak iwak. Jaka Mruyung nyedaki wong-wong mau lan njaluk tulung mbabad Alas Pakis Aji. Banjur wong-wong mau pada nyangguhi.
Jaka Mruyung lan wong-wong mau mulai mbabad Alas Pakis Aji. Nalika lagi mbabad Alas Pakis Aji, jaka weruh naga (ula kang gedhe). Ula mau dicekel dening Jaka Mruyung banjur dipateni banjur diobong. Nalika lagi ngobong ula, genine melu ngobong Alas Pakis Aji. Warta yen Alas Pakis Aji kobongan, wis ditrima dening Adipati Nglangak yaiku Adipati Kutanegara. Adipati Nglangak murka banget marang Jaka Mruyung. Semana uga wong-wong ing Kadipaten Kutanegara, kabeh melu nyalahake Jaka Mruyung. Banjur Sang Adipati ngutus para punggawane kanggo nangkep wong kang wis mbakar Alas Pakis Aji yaiku Jaka Mruyung supaya diukum.
“Punggawa,! Tangkep lan ukum Jaka Mruyung!” Prentahe Adipati Nglangak.
Jaka Mruyung digoleki dening punggawa Kadipaten Kutanegara. Ora mbutuhake wektu kang suwe kanggo nggolek dheweke, akhire Jaka Mruyung bisa kecekel. Jaka Mruyung banjur diukum banjur dheweke dadi tahanan ing Kadipaten Kutanegara.

Adipati Nglangak nduwe anak telu yaiku Dewi Pandansari, Dewi Pandanayu, lan Dewi Rantansari. Putri-putri mau uga dadi prajurit wadon ing Kadipaten Kutanegara. Nalika dadi tahanan Jaka Mruyung ngetokake tingkah laku kang sopan santun. Akhire Jaka Mruyung dibebasake. Ing sawijining dina, Kadipaten Kutanegara nganakake sayembara kanggo ngolek Senopati Kadipaten Kutanegara. Senopati yaiku pemimpin perang utawa prajurit.
Ing sajroning sayembara, Jaka Mruyung oleh lawan kang sakti jenenge Ki Ketol Ireng. Wong loro mau padha-padha kuwate lan saktine. nanging akhire Ki Kentol Ireng nyerah, dheweke ngaku kalah. Jaka Mruyung menang lan dheweke didadekake Senopati Kadipaten Kutanegara. Banjur dheweke uga dinikahake karo anake adipati Nglangak kang nomer loro yaiku Dewi Pandanayu
Adipati Nglangak tambah seneng sawise ngerti yen Jaka Mruyung kuwi jebul putrane Adipati Munding Wilis saka Galuh Pakuan. Rahasia kabeh mau kabongkar amarga Tlangkas nyritakake babagan kabeh mau marang Adipati Nglangak. Akhire Kadipaten Kutanegara diserahake marang Jaka Mruyung.
Sawise Jaka mruyung dadi adipati, dheweke mulih menyang Kadipaten Galuh Pakuan. Wong-wong kadipaten wis ora padha kenal lan ora ngerti yen tamu kang nembe teka mau jebule Jaka Mruyung, putrane Adipati Munding Wilis. Ing kahanan kang kaya mangkono, Ki Juru Taman nglapor yen Rama lan Ibune Jaka Mruyung lunga nggoleki putrane kang digawa lunga perampok Abulawang.

Jaka Mruyung banjur mrentah punggawane supaya nyebarake pengumunan kang isine sapa kang bisa nemokake Adipati Munding Wilis lan bojone bakal diwenehi hadiah. Sawijining dina, Adipati Munding Wilis lan bojone maca pengumuman mau. Sang Adipati lan bojone ngrasa seneng banget. Akhire wong loro mau sarujuk arep teka dhewe marang Kadipaten Kutanegara nemoni putrane yaiku Jaka Mruyung.
Sawise tekan ing Kadipaten Kutanegara, Adipati Munding Wilis lan bojone nyritakake yen dheweke kuwi wong tuane Jaka Mruyung. Adipati Munding Wilis uga nyritakake sebabe Jaka Mruyung bisa pisah saka wong tuwane. Sawise ngerti critane kabeh, banjur Jaka Mruyung arep nuntut bales marang Abulawang. Nalika semana Jaka Mruyung isih jengkel.
Jaka Mruyung lan punggawane budhal menyang Bukit Mruyung. Sadurunge tekan ing Bukit Mruyung, dheweke malah diserang dening Abulawang lan rombongane. Banjur Jaka Mruyung lan punggawane genti nyerang. Akhire Abulawang lan rombongane bisa dikalahake. Abulawang ngaku salah lan njaluk pangapura marang Jaka Mruyung. Jaka Mruyung ora ngukum Abulawang amarga dheweke esih eling karo jasa-jasane Abulawang kang wis ngopeni dheweke nganti gedhe. Abulawang lan bojone dipindah menyang Kutanegara. Jaka Mruyung akhire bisa urip tentrem lan seneng amarga urip bareng karo wong kang ditresnani. Sawise kuwi ibukota Kadipaten Kutanegara dipindah marang Alas Pakis Aji kang wis dibabad mau. Alas Pakis Aji mau dijenengi AJIBARANG. Mula Jaka Mruyung kuwi Adipati Ajibarang kang kaping pisan.

Sawise Kadipaten Kutanegara ngadeg, Kadipaten Kutanegara dibagi dadi rong desa yaiku Desa Kutawera lan Desa Candinegara. Bukti yen cerita iki pancen ana yaiku anane kuburan kang jenenge Pandansari, yaiku kuburane Dewi pandansari. Uga ana kuburan Pandanayu yaiku kuburane Dewi Pandaayu bojone adipati Jaka mruyung. Kuburan mau ana ing sisih lor Ajibarang. Yen Dewi Rantansari ana ing Gunung Putri, sisih kidul Ajibarang lan Gunung mau dijenengi Gunung Putri.

Comments
0 Comments

0 komentar:


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk http://4.bp.blogspot.com/-bC3cV4bd7RA/VNOs1wF9gYI/AAAAAAAAFFY/EXXJ682sI-A/s1600/Karikatur%2Bmurah%2BSemarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007