Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

SELAMAT DATANG

Terima kasih telah mengunjungi blog ini..!!
Apabila anda peduli sastra jawa, anda cinta sastra jawa, punya inspirasi tentang jawa, kirimkan kritik, saran, atau posting kamu dijarwo37@gmail.com
Jangan Lupa post comment kamu sebelum meninggalkan blog ini..
Karena pemikiran anda begitu berharga.

DESKRIPSI BLOG

Cerita Rakyat | Cerita Cekak | Geguritan | Tembang | Artikel Jawa | Budaya Jawa | Cerita Wayang | Sejarah | Macapat | Sastra Jawa berbahasa Jawa | Cerita rakyat berbahasa Jawa | Media pembelajaran bahasa Jawa | Artikel bahasa Jawa | Puisi Jawa | Tembang Jawa | Sejarah Sastra Jawa

Total Tayangan Halaman

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Jumat, Juni 17, 2016

tata carane nulis tembang macapat

Tata carane gawe tembang macapat supaya gampang kudu ngertos urut-urutane.yaiku:
a.    Temtokno lan tulisen ngegani gagasan opo sing arek inggawe tembang.
b.    Temtokno tembang opo sing arep kogawe, opo mijil, opo maskumambang lan liya-liyane.
c.    Tulisen guru gatra, guru wilangan lan guru lagune.
d.    Gawea ukara-ukara (kalimat) kang salaras karo paugerane tembang macapat.
e.    Titinen maneh tembung-tembunge lan ukara-ukara kang kogawe mau, kudu cocok karo paugerane tembang sing kogawe.
Tuladhane:
1)    Babagan sangu kahuripan, selawase kudu eling lan waspadha, eling marang pratandha saka ngendi dumadi kuwi bisa dadi kekuatane, supaya uwal saka kasangsaran
2)    Tembang kang arep dakgawe tembang macapat pangkur
(8-u)    Mangka kantining tumuwuh,
(8-i)    salami mung awas eling,
(8-a)    eling lukitaning alam,
(8-i)    wedi weryaning dumadi,
(8-a)    supadi niring sangsaya,
(8-i)    yeku pangreksaning urip.



Selengkapnya...

Kamis, Juli 03, 2014

SI ADEG

    Kadipaten Beji yakuwi salah sawijining Kadipaten sing ana neng Purbalingga mbiyen. Kadipaten mau dipimpin dening adipati Wangsa Jaya. Konon sujarahe Adipati mau asale saka Pajajaran. amarga ora jumbuh karo Rajane babagan agama dheweke lunga munggah gunung nyusuri kali amung golek panggonan kang tentrem.

    Udan panas dilakoni kanthi seneng supaya bisa adoh lunga saka kraton. Wangsa Jaya lila ora dadi Tumenggung neng Pajajaran. Dheweke ora kepengin yen agama kang denanut saiki denlarang dening Raja. Setaun lawase Wangsa Jaya nganut ajaran Islam kang digawa mubaligh saka Gujarat. Agama kang anyar kuwi banjur ora den setujuni dening raja Pajajaran. Raja Pajajaran ora kepengin yen agama kang suwe dianut para leluhure dirusak agama kang tembe mlebu. Sapa bae kang ora nganut agama Hindu-Buda bakal dikenakaken ukuman. Mula wong kang nganut agama Islam taksih meneng-meneng, samana uga tumenggung Wangsa Jaya.

    Wangsa Jaya kang ndhuweni watek ksatria, ora tedeng aling-aling. Nalika  Raja ngetokake larangan kanggo agama Islam neng pasamuan. Dheweke nolak larangan mau., banjur ngutarakake supaya rakyat milih agama sasenenge. Banjur Dheweke ngakoni  yen sakaluwarga uga uwis mlebu agama Islam. Krungu mangkono Raja nesu, ngrasa yen Pajajaran uwis ora dadi krajan kang manut dawuhe sang Raja. Tumenggung Wangsa Jaya dikongkon supaya mulih marang agama kang dianut leluhure. Ananging prentah mau ora dituruti. Tumenggung Wangsa Jaya gandeng atine uwis mantep karo tumindake, banjur sakeluarga lunga saka kraton.

Nyabrang kali temurun jurang, munggah gunung- temurun lewahan nggolek panggonan kang ora ana wong nglarang apa kang dadi karepe. Wektu samono dheweke ndhuweni anak kang esih cilik jenenge Beji. Sadawane mlaku bocah mau anteng, ora tau nangis. Kaya ngerti yen wong tuwane lagi nandang susah. Suwe anggone mlaku, ananging ora ana papan kang trep kanggo nggawe umah.. Sawijining dina dheweke weruh ana panggonan sing diliwati kali kang banyune bening banget . iwake pada katon pating grilap, akeh banget. Lemahe subur lan pamandangane endah, saiki desa kuwi dijenengi desa Banjarkerta.   Wong loro mau banjur nggawe umah neng sapinggire kali.

Sadurunge ora ana kang manggon ana desa mau. Nanging lawas-lawas papan mau dadi desa kang rame penduduke. Wong-wong pada seneng urip nang sakiwa tengene bekas tumenggung pajajaran kuwi.  Sifat kang ramah lan sregep nulung mula warga pada kormat marang Wangsa Jaya sakaluwarga. Akeh warga desa liya kang ngili (pindah) marang desa Banjarkerta.
Kabeh warga pada urip rukun, tulung tinulung marang sapa bae. Dadi wong kang lagi susah, apa wong kang lagi kabotan krasa enteng. Kaya dene panen, nggawe umah, lairan, uga kematen wongwong wis ora mawi di prentah pada teka.

Beji anak lanang siji-sijine banjur dititipake marang mubaligh islam kang manggon ana Cahyana, saperlu nimba ilmu. Dasare bocah cerdas kabeh ilmu bisa dikusai kanthi cepet. Mula Syekh Cahyana seneng banget., Ilmu agama, pamerentahan, nganthi kasekten cepet banget anggone nangkep. Akeh kedadiyan aneh kang bisa dilakoni Beji. “Aja dadi wong kang kemrungkung, sanajan ilmumu dhuwur” ucape Syekh Cahyana sadurunge pamitan.

Raja Pajajaran krungu saka delike, yen tumenggung Wangsa Jaya esih urip lan ngadegkake desa ning Banjarkerta. Banjur ngirimake prjurit supaya mateni tumenggung sing dianggep penghianat. Amarga banget akehe prajurit, Tumenggung Wangsa Jaya bisa dipateni. Kabeh warga Banjarkerta pada ngungsi marang papan kanga aman. Warga pada kaget, yen sejatine Wangsa Jaya kuwi tumenggung Paajajaran. Warga pada ngrasa salah, ora bisa nulungi wong kang uwis gawe apik marang warga.
Raja Pajajaran sebenere wedhi yen kakuwasane bakal pecah, amarga muncule agama Islam. Sebab wektu samana perkembangan Islam lagi nedheng-nedhenge.

Krungu yen kaluwargane pada dipateni, Beji kang uwis malik dadi bujang bali marang desane. Syekh Cahyana kang ngerti yen kabeh ilmu uwis diajarake, banjur ngijini marang Beji ninggalake padepokan. Warga kang ngungsi krungu yen Beji wis bali, kabeh pada bali maring desane. Kabeh warga pada nyambut kanthi rame. Sanajan ilmune dhuwur, nanging sifat ramah ditonjolake. Ana warga kang njaluk supaya Beji bales dendam, ananging dheweke mangsuli kanthi bijak. “urip mati, jodho rejeki amung gusti kang ndhuweni. Manungsa kuwi trima nglakoni” jawabe Beji. “Saiki sing penting urip tentrem kanggo ngibadah marang Gusti Allah, sebab neng duna kuwi ora lawas”, ucape Beji. Krungu ngana kabeh warga pada meneng. Ngrumangsani yen tumindake salah.

Sawijining dina ana kewan bangkong nggawa layang, ningarep umah. Nuju Beji lagi  mulang ngaji. Kabeh pada kaget, bangkong mau nyedhaki Beji. Sawise dibukak, isine layang saka gurune yakuwi syekh cahyana. Supayaa Beji mbantu krajan Demak perang nglawan Majapait. Banjur Beji mangsuli layang mau, nganggo tulisan kang diwadahi botol.. Botol mau mabur kaya manuk dara, wong-wong kang lagi ngaji pada gumun marang kasektene Beji.

Ngesuke Beji pamit marang wargane saperlu nuruti dawuhe sang guru, mbantu perange Demak. Dheweke ndhuweni kewajiban pada-pada umat Islam kudu tulung tinulung. Apa maneh Syekh Cahyana kang ndhuweni hubungan apik karo para wali, mula wajib dibantu.
Nganggo kakuwatan ghaib wektu sakedeping mata, dheweke uwis neng Demak. Beji ngomong karo para Wali yen dheweke diutus Syekh Cahyana supaya mbantu perang. Para wali pada seneng  ngerti yen katekanan wong kang sekti. Kabeh ngerti yen syekh Cahyana ora bakal ngutus wong kang ora digdaya.

Beji supaya neng barisan ngarep, pada para Wali. Kabeh prajurit pada siap anggone perang.. Wektu perang, Beji ngetokake kasekten kang diajarake gurune, yakuwi ora bisa didhelok dening mungsuh. Dadi musuh ora bisa nyerang, ananging Beji bisa mateni sakabehane mungsuh tanpa dingerteni. Kabeh wis disiapake amarga sadurunge perang dheweke mlebu dhisik marang barisan musuh tanpa dingerteni. Beji nggolek kalemahane mungsuh, supaya perang bisa dimenangake. Beji ngerti yen prajurit Majapait masangi jebakan kang bahaya. Wujude luwang kang njerone uwis ana wesi kang lancip, dadi sapa kang mlebu bakal mati. Sauwise ngerti sakabehane, beji ngaweh larangan karo pasukne yen dalan kang ningarepe uwis dipasangi prangkap. Mula prajurit Demak dikongkon nggolek kayu kanggo bantalan supaya ora kajeblos. Prajurit kang ora manut, akhire pada mati. Suwise ngerti ngana prajurit pada patuh marang Beji sanajan umure taksih enom nanging ilmune dhuwur. Neng adipati Beji, jebakan mau bisa digunakake kanggo mateni musuh balik. Prajurit Majapait dipancing emosine supaya maju. Luwang kang ana bantalan kayu amung sebagian, kuwi sing kanggo idekan prajurit Demak. Prjurit Majapait ngira yen jebakan mau uwis ditutup. Sebabe Prajureit Demak ora kajeblos. Sawise kepncing emosi banjur prajurit Majapait pada kajeblos. Akeh cacahe prajurit Majapait kang mlebu ana luwangan. Beji banjur gabung karo pasukane ngancurake pasukan Majapait kang esih kuat. Ning sisih liya para Wali uga menang, Majapait bisa dikalahake dening prajurit Demk. Kanggo males lelabuhane Beji, Raden patah ngangkat Beji dadi Adipati. Neng desa kang urung ana jenenge, banjur dening Beji dwsa mau dijenengi Kadipaten Beji. Warga Beji nyambut kanthi seneng Beji diangkat dadi Adipati.

Adipati Beji kang esih bujang, esih kurang amarga urung duwe bojo. Kanggo ngatsi pamerentahan urung ana kang kanggo urun rembug ning kaluarga. Nuju sawijining dina adipati Beji dikongkon gurune supaya nyebaraken agama Islam ana ing Pajajaran. Manut dhawuhe gurune, Adipati Beji banjur ninggalaken kadipaten. Sawetara Kadipten dipimpin dening sesepuh Beji.

Sadawane lelungan, panggonan kang diampiri, Adipati nyebarake agama Islam. Mula akeh wong-wong kang ngerti marang Adipati Beji. Satekane ana Pajajaran kabeneran ana sayembara kang urung ana sing menangake. Yakuwi ana kebo gemblung kang jenenge Kebo Danu. Kebo mau yen weruh wong banjur ditumbleg. Akeh wong sing pada mati amarga ditumbleg. Kabeh warga pada geger, pada wedi. Sebabe kebo mau tekane ora katon, ujug-ujug nengarepe. Mulane akeh wong sing ora ngerti banjur ditumbleg mati. Awit kuwe warga Pajajaran pada wedi metu. Soale prajurit lan wong kang sekti bae akeh sing pada mati. Mula Raja pajajaran woro-woro sapa kang bisa ngalahake kebo mau bakal dinikahake karo anake yakuwi dewi Rara.

Sadurung tekan kraton. adipati Beji sholat ana ing plataran kali, wektu sholat ana kebo kang ngubengi awake, ananging kebo mau ora bisa nyenggol awake. Sawise sholat rampung anehe kebo mau banjur mlayu kenceng banget. Neng atine Adipati kuwe mau kebone sapa kok ora ana kang angon. Dheweke urung ngerti yen kebo mau galak banget, kang disayembarakake dening Raja Pajajaran.
Sawise tekan kutha banjur dheweke bingung, kok sepi ora nana wong. Beda karo sing dikrungu yen Pajajaran kuwi krajan kang rame. Sawise mlaku-mlaku suwe banjur ana woro-woro  sayembara, yen sapa sing bisa nyekel kebo Danu bakal dinikahake karo putri raja. Ananging adipati Beji ora kepencut, amarga dhawuhe gurune supaya nyebarake agama. Sedina suwene nggoleki uwong, nanging ora bisa nemoni. Banjur wetenge krasa ngelih, ora ana warung. Banjur mutusake marang kraton. aning kraton kabeh prajurit pada jejel-jejelan njag kraton saka amukan kebo galak. Kabeh prajurit pada gumun, yen ana wong kang dhewekan wani mlaku neng krajan Pajajaran.

“Asallamu’alaikum” ucape adipati Beji, nanging ora ana kang nyauri, nganti ping telu adipati Beji ngucap salam. Nanging ora ana kang nyauri. Ana sawijining prajurit kang ngerti yen tumenggung Wangsa Jaya pernah ngucapake ukara kaya ngana. Nagging arep nyauri wedi yen dingerteni dening rja. Sebab Raja Pajajaran ora seneng yen para rakyate mlebu agama Islam. Mula prajurit mau langsung takon ana kaperluan apa karo Adipati. “kisanak kenangapa kutha sing jarene rame, kok malih dadi sepi”. Mesti panjenengan  wong adoh?, ptakone prajurit Ya jawabe Adipati Beji. Prajurit banjur nyowanake karo Raja. “Ampun,Baginda neng ngarep ana wong adoh rene, muga bisa nyingkiri bebaya ana ing krajan Pajajaran kene” ature prajurit. “endhi wone supaya ngadep” ature Raja. Sawise mlebu adipati Beji dijamu karo sawernane panganan. Kabeneran wis pirang dina urung mangan, adipati Beji banjur mangan sawarege. “ Sapa jenengmu, lan asale saka ngendi kisanak?” pitakone sang Raja. “jeneng hamba Beji, asale saka desa ana ing wetan adoh.. Adipati Beji ora ngaku yen Dheweke anake Tumenggung Wangsa Jaya. “Ndhuwe hajat apa tekan rene”? teruse Raja. Ananging sadurunge Adipati mangsuli, katututan pitakone Raja maneh.” Aku ngarep-arep bantuane kowe, supaya nyingkiri babaya, kang dilakoni kraton Pajajaran. Yen kowe bisa nyingkiri babaya mau, apa kang dadi panjalukmu tak turuti. Malahan tak pet mantu. “Apa wae sing kudu dilakoni ”. jawabe Raja “Cekelen kebo gemblung, kang marakake rakyatku pada mat”i. Kabeh pada wedi, ora ana kang wani. Wis pira-pira wong sekti sing diundang nanging ora ana kang kasil. “kanggo kapentingane umat kabeh tak usahakake.

Ngerti yen adipati Beji ana ing kraton, kebo Danu ora tau katon, kaya ngerti yen bakal di cekel. Wektu kabeh pada turu, adipati Beji lunga marang plataran kali saperlu sholat wengi. Panggonan kuwe yakuwi kang ketemu kebo wektu sholat neng platar. Sawektu sholat kebo Danu teka, banjur ngubengi kaya biasane. Sarampunge sholat. Adipati Beji banjur nycedhaki marang kebo, “ aja ngganggu marang manungsa, yen esih kepengin urip ning alam dunya”, ucape Adipati. Kebo mau ujug-ujug matane malik dadi abang, banjur nyerudug. Kebo mau diantem endase, nganggo tongkat galih asem kang biasa dadi tongkat en adipti Beji lunga ing wayah wengi. Kebo mau banjur mlayu banter banget ngdohi Adipati. Kebo mau banjur dioyak, nganggo kasektene, Adipati bisa nyekel kebo Danu. Sungu kang ndhuweni kakuwatan kang nyebabake galak banjur di gebug nganti copot. Nganggo teken galih asem, sauwise copot adipati Beji maca donga, banjur diusapake neng endase kebo.Banjur kebo mau  malih dadi manut.

Esuke sang Raja seneng atine ndheleng kebo Danu dadi manut, mlaku ngetutake adipati. Beji. Kabeh rakyat Pajajaran pada bungah. Wis ora wedi maneh. Kanggo netepi janjine ngijinake apa kang dadi panjaluke Adipati. Sanajan abot panjaluk mau diijini, yakuwi nyebarake agama Islam. ”sabenere aku kabotan yen ngijinake kowe nyebarake agam Islam, amarga netepi sabda pandita ratu tan kena wolak walik. Tak ijini anggonmu nyebarake agama Islam. “Ngertiya yen gara-gara agama Islam, nyebabaake Pajajaran kelangan Tumenggung kang luhur budine”. Neng atine adipati Beji yakuwi ramane dhewe. Nanging ora ana persaan dendam, adipati saadar yen urip mati kuwi wis ana kang ndhuweni.  

Adipati Beji dinikahake karo dewi Rara, sasuwene neng Pajajaran dheweke nyebaraake agama Islam. Sawise akeh penganute. Adipati Beji lan dewi Rara mulih neng kadipaten Beji.
Adipati Beji karo bojone disambut kanthi meriah dening wargane. Kadipaten Beji nganakake syukuran kang gede. Kabeh kesenian lan pengajian telungdina dur. Dewi Rara banjur diceritani yen sebenere dheweke kuwi anake tumenggung Wangsa Jaya. “ urip mati kuwi ana kang ndhuweni, mula aku ora bakal nuntut wales. Padudon kuwi nyebabake uripe ora tentrem, aku kepengin ndhuwe kaluwarga kang tentrem”. Krungu mangkana dewi Rara tambah seneng atine, nduwe bojo kang luhur budine.

Kurang luwih telung wulan lawase manggon ana ing kadipaten Beji, dewi Rara ngandhut. Adipati Beji seneng banget atine, krungu yen bojone lagi ngandhut. Pancen ora ana kang ngungkuli ayune dewi Rara, rambute sabokong, lan susune cilik, awake lencir kuning. Mula adipati Beji kayane wegah  pisah adoh-adoh karo dewi Rara. Saben lunga-lunga dheweke mesti cepet-cepet mulih. Adipati sanajan ilmune dhuwur, esih ana kakurangane yakuwi wonge cemburuan. Yen bojone ora ana mesti digoleki.

Sangangwulan lawase akhire jabang bayi lair. Bayi kang gagh kuwe dijenengi Ranu wijaya. Laire nuju ing mangsa ketiga, dadi terange suwer ora ana banyu. Kabeh wong  pada ngangsu lan adus nng kali. Nuju sawijining dina dewi Rara adus neng kali. Adipati Beji amarga ana urusan lunga saka umah gasik. Sawektu adipati Beji mulih nyang umah dewi Rara ora ana. Wis suwe ora bali-bali, amarga wonge cemburuan banjur digoleki tekan ngendi-endi, ora ketemu. Dheweke ora ngerti yen dewi Rara lagi adus ana ing kali. Adipati Beji nesu, ngira yen bojone selingkuh.

Neng kali amarga kumbahane akeh dadi suwe anggone adus. Sawektu adus ning kedung rambute dewi Rara, kang dawa nyangkut marang iwak Tambra kang gedene ora lumrah. Sawise rampung iwak mau banjur digawa mulih. Nengumah adipati Beji nesune kebacut. Ap maneh weruh nggawa bali iwaak kang gedene ora karuan. “saka ngendi kowe dhik”,” adus kali kanda”, jawabe dewi Rara. Iwak iki saka sapa,  mesti dikei wong lanang.  Banjur dewi Rara nerangake yen lagi adus mau iwake kagubet rambut. Amarga emosi lan rasa cemburu, Adipati ora percaya omongane bojone. Adipati ngira en bojone yen ditinggal lunga, slingkuh. Dewi Rara ora trima yen diarani slingkuh. Kanggo mbuktikaken yen dheweke ora slingkuh, supaya di tunjlep nganggo keris. Yen metu getihe putih, kuwi mertandani dewi Rara jujur. Banjur dewi Rara njaluk  yen metu getihe putih supaya dikubur ngadeg. Panjaluk mau kanggo mengeti yen dewi Rara wateke jujur.

Bangete emosi Adipati kelangan kendali, banjur dewi Rara ditunjlep nganggo keris. Adipati ngajog, tumindake. Getih kang metu wernane putih, kuwi mertandani, yen dewi Rara bener ucape. Nuruti panjaluke bojone banjur dikubur ngadeg. Kuburan mau kang endhep malik dadi perbukitan. Banjur kuburan mau diarani Si-Adeg. Sebab dewi Rara dikubur ngadeg.

Perasaan nyesel sang Adipati ora ilang. Neng ngarepe wargane dheweke ngaweh pepali ”kabeh warga bladah Beji nganti akhire jaman, sapa wong wadon kang ngingu rambut sabokong dawane, bakal cepak umure” pepali mau nganti saiki ora ana wong kang wani nglanggar. Kadipaten Beji saiki melu wilayah  banjarkerta. Desa banjarkerta kabeh na telung desa yakuwi: Beji, Banjarsanyar, lan Wanalaya.

Sastra Jawa | Sastra Jawi | Crita Rakyat

Selengkapnya...

Jumat, Maret 07, 2014

SENDHANG SINANGKA JEPARA

Ing Desa Bungu Kecamatan Mayong Kabupaten Jepara ana sejarahe Den Subanjar. Den Subanjar kuwi asli saka Arab.

Ing zaman biyen kumpul kaluargane ana ing negara Arab. Wektu semono tlatah iku dipimpin Raja Arab kang jenenge Khusyain. Raja Khusyain kuwi nganut Agam Islam, mula kuwi rakyate dikongkon manut karo Agama Islam kabeh. Nanging kaluargane Den Subanjar nganut Agama Budha. Raja Arab ngangkon Prajurite supaya ngajak kaluargane Den Subanjar melu Agama Islam. Nanging kaluargane Den Subanjar ora gelem nganut Agama  Islam isih tetep nganut Agama Budha. 
Raja Khusyain ngamuk lan nesu amarga keluargane Den Subanjar dikongkon nganut Agama Islam secara alus ora gelem.

Akhire kaluargane Den Subanjar dipeksa nganut Agama Islam. Kaluarga Den Subanjar akhire gelem nganut Agama Islam.Nanging Den Subanjar dhewe tetep ora gelem nganut Agama Islam, banjur lunga saka omah ninggalake kaluargane. Raja Arab ngutus  Patih lan Prajurit supaya bisa nemokake Den Subanjar, ing salah sawijine panggonan Den Subanjar ketemu karo Patih lan prajurit Raja Arab. Den Subanjar dipeksa nganut Agama Islam tetep wae ora gelem. Akhire Den Subanjar perang karo Patih lan Prajurit utusane Raja Khusain. Den Subanjar kewalahan ngadhepi Patih lan prajurit Raja Khusain, banjur Den Subanjar mlayu tetep wae isih dioyak-oyak. Den Subanjar ora bisa urip tentrem ana ing Negara Arab. Mula kuwi Den Subanjar mutusake mlayu saka Negara Arab. 

               Wektu Den Subanjar mlayu saka Negara Arab, Den Subanjar tetep wae isih dioyak-oyak banjur lunga menyang Negara Indonesia tepate ing Kutha Jepara Kecamatan Mayong Desa Bungu. Ing Desa bungu isih ditututi karo Patih lan Prajurit Ratu Arab sateruse Den Subanjar mlayu menyang Alas Bungu, Den Subanjar banjur nancepke kayu banjur dadi sendhang. Sendhang kuwi mau dianggo ndhelik dening Den Subanjar saka oyakane patih lan prajurit Raja Khusyain. Sendhang mau ora bisa mili banyune, miline mung ing wektu-wektu tertemtu. Ing pinggir sendhang kuwi mau ana wit nangka metu wohe loro. Nangka mau tiba ing sendhang banjur sendhange bocor. Mula sendhang kuwi dijenengi Sendang Sinangka sing ana ing Desa Cemani.

Wektu Den Subanjar ndhelik ing Sendhang Sinangka mau utusane Raja Khusyain bisa namokake Raden Subanjar. Den Subanjar  banjur mlayu maneh. Miturut kapercayan masyarakat Bungu yen Sendhang Sinangka kuwi metu banyune nandhakake yen bakal ana bebaya ing Desa Bungu. Nanging banyune kuwi akeh paedahe terutamane bisa kanggo tamba. Nalika Sendhang Sinangka kuwi metu banyune masyarakat padha bebarengan moro ing sendhang kuwi. Ana sing njupuk banyune, lan uga ana sing nganggo adus. Yen masyarakat liya kepengin adus lan ngombe ing sendhang kuwi oleh, nanging yen digawa bali ora oleh, amarga banyu kuwi ora kena digawa metu saka Desa Bungu, yen dilangagr bakal cilaka.


Selengkapnya...

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk http://4.bp.blogspot.com/-bC3cV4bd7RA/VNOs1wF9gYI/AAAAAAAAFFY/EXXJ682sI-A/s1600/Karikatur%2Bmurah%2BSemarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007