Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Kamis, Desember 11, 2008

Yuyutsuh mehak Pandhawa mbelani bebener

yuyutsu_solo
Arya Yuyutsuh iku putrane Arya Widura utawa Yamawidura. Arya Widura dhewe putrane Begawan Wiyasa lan Dewi Datri. Arya Yuyutsuh duwe sedulur tunggal bapak ibu sing jenenge Sanjaya.
Dene ibune Yututsuh yaiku Dewi Padmarini. Yuyutsuh lan Sanjaya melu bapak ibune lan dedunung ing kasatriyan Pagombakan. Kasatriyan iki mujudake perangan mburi wangunan Karaton Astina.
Wiwitane kulawarga Arya Widura milih meneng lan ora nemtokake sikep arep mbela Pandhawa apa Kurawa nalika perang Baratayuda arep pecah. Wusana Arya Yuyutsuh nemtokake sikep kang dadi katetepan batine sawise ngliwati laku batin kang abot.


Yuyutsuh netepake sikep milih mbela para Pandhawa. Yuyutsuh duwe panganggep, sawise ngliwati laku batin kang abot, yen para Pandhawa iku pehak sing ngugemi bebener. Dene Kurawa dadi mehak kang nerak wewaler, ora ngugemi bebener, kepara ngiwakake bebener.

Yuyutsuh nganggep para Pandhawa pancen dumunung ing kalungguhan kang bener ing bab cecongkrahan kalawan para Kurawa kanggo ngrebut panguwasa ing Krajan Astina. Miturut Yuyutsuh, Pandhawa iku kang duwe hak marisi panguwasaning Krajan Astina saka Prabu Pandudewanata, panguwasane krajan Astina kang sah.
Nalika Prabu Pandhudewanata surut ing kasedan jati, Pandhawa, para putrane pancen durung cukup dewasa yen dipasrahi tanggung jawab mimpin krajan Astina. Amarga iku banjur diracik Piagam Astina kang disekseni lan ditandhatangani dening kabeh pehak lan kabeh krabat sesepuh Astina.

Ing sajroning piagam iku ditemtokake yen Prabu Drestarastra bakal nglenggahi dhampar keprabon Astina nggenteni Prabu Pandhudewanata nganti para Pandhawa cukup dewasa kanggo mimpin krajan Astina sasurute Prabu Pandudewanata. Yen Pandhawa wus cukup dewasa, dhampar keprabon Astina bakal dipasrahake dening Drestarastra marang Pandhawa.
Ananging, Duryudana lan 100 sedulure gawe ada-ada kanggo nguwasani dhampar keprabon Astina. Duryudana lan para sedulure, Kurawa, dibiyantu dening Arya Sakuni utawa Sengkuni lan Dewi Gendari saengga kasil nguwasani dhampar keprabon Astina sasurute Prabu Pandhudewanata.

Nalika iku, separo saka perangan njaba nagara Astina dijaluk bali dening Pandhawa kanthi cara bedamen lan rembugan kadidene antarane kulawarga dhewe. Ananging saka sikep srakahe Prabu Suyudana utawa Duryudana, wusana Astina tetep diregem dening para Kurawa. Dene Pandhawa disiya-siya lan uripe tansah kaningaya krana tumindake Duryudana sasedulure.

Ora ana saperangan cilik lemah nagara Astina kang dipasrahake marang Pandhawa, arepa sejatine Prabu Suyudana ora duwe hak kanggo nguwasani krajan Astina. Cecongkrahan ing nagara Astina sansaya panas lan wusana nuwuhake perang Baratayuda.

Lelandhesan wawasan kasebut lan antebing rasa sawise mecaki laku batin kang abot, Arya Yuyutsuh banjur nemtokake sikepe, mbela Pandhawa. Nalika perang Baratayuda wus lumaku sawetara wektu, Arya Yuyutsuh banjur nemoni Dewi Wara Sumbadra kanthi pangajab antuk kapercayan saka Pandhawa.

Sawise iku Arya Yuyutsuh banjur ambyur ing perang Baratayuda bebarengan karo para wadyabala kang nyengkuyung Pandhawa. Para prajurit wadyabala Pandhawa ora ana kang cubirya marang tekane Yuyutsuh.
Yuyutsuh dhewe nuduhake kridha kang temen-temen kanggo mbelani Pandhawa ing madyaning pabaratan perang Baratayuda. Yuyutsuh tanpa rangu sedya ngurbanake jiwa lan ragane kanggo mbelani bebener, mbelani Pandhawa. Arya Yuyutsuh gugur ing pabaratan dening tangane Adipati Karna, raja Awangga. ::Dening: Ichwan Prasetyo::

Comments
0 Comments

0 komentar:


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhiBJvohruQS784wGvMv4dbOyb6BAV_R0leNGiTrYmRSvdJDwoTkJNwq5V1UOutt9yCy_U_MuOzpKYrBPdD8fWBMHMuE-oeP5UBgmbiavmFiniMv-Ig_vHDLKS2U0r5I5sP6unumgicOGaK/s1600/Karikatur+murah+Semarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007