Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Kamis, Desember 11, 2008

Bathara Yamadipati wenang njabut nyawa



yamadipati_solo
Bathara Yamadipati iku putrane Bathara Ismaya lan dumunung ing kayangan Hargadumilah. Sedulure Bathara Yamadipati yaiku Bathara Wungkuam, Bathara Temburu, Bathara Kuwera, Bathara Kamajaya, Bathari Darmanastri, Bathara Surya, Bathara Candra, Bathara Wrahaspati lan Bathara Patuk.
Kuwajibane Bathara Kala yaiku nyabut nyawa kabeh titah kang urip ing arcapada. Saliyane duwe jejibahan nyabut nyawa, Sanghyang Yama uga duwe jejibahan njaga neraka. Neraka iku ing jagad pewayangan kalebu salah sijine papan kang mligi ing kayangan.


Dene papan-papan mligi ing kayangan kasebut antarane, bale papan sidhang utawa rerembugan kang sinebut Marataka, dhampar keprabon kang sinebut Mercukundha, karaton ing kayangan kang sinebut Paparyawarna, kori ngarep kang sinebut Sela Matangkep lan dijaga dening Cingkarabala lan Balaupata.
Saliyane iku uga gapura kayangan kang sinebut Merutulya, papan ngaso lan parkir kang sinebut Jamurdipa, alun-alun kang sinebut Repat Kepanasan, pagelaran kang sinebut Kandhawarubinangun, tamansari kang sinebut Kawidodaren Tinjamaya, jurang papane sukma ngenteni pangadilan kang sinebut Wedhung Pangariparip, kreteg tumuju swarga kang sinebut Wot Ogal-Agil, neraka kanggo nyiksa kang sinebut Endhut Blegedaba.
Ana uga papan dununge geni panyucen kang sinebut Candradimuka, papan dununge gamelan kang sinebut Lokanantha lan kembar mayang kang arane Dewandaru lan Kalpataru.
Sisihane Bathara Yamadipati miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, asmane Dewi Mumpuni. Ananging miturut crita ing jagad pemawayangan, bale somahe Hyang Yama lan Dewi Mumpuni ora kalimputan kabagyan.

Pawadane, Dewi Mumpuni sejatine ora duwe rasa tresna marang Hyang Yama. Lan ing sawijining dina, Dewi Mumpuni milih ngrajut tresna kalawan Bambang Nagatmala, putrane Sanghyang Anantaboga lan Dewi Supreti.
Mula bukane, miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, anggitane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih, nalika sawijining dina Bambang Nagatmala lan mbakyune, Dewi Nagagini, dikancani ibune mindeng gambar para dewa kang disandhing sisihane dhewe-dhewe. Nalika Bambang Nagatmala weruh gambare Bathara Yamadipati sesandhingan kalawan Dewi Mumpuni, ananging Dewi Mumpuni katon ora jenjem lungguhe, Nagatmala takon marang ibune, yagene ing gambar iku Dewi Mumpuni lungguhe ing sandhinge sisihane katon ora jenjem.

Dewi Supreti banjur njlentrehake lelakone Bathara Yama lan Dewi Mumpuni kang mbangun bale somah tanpa rasa tresna. Nagatmala banjur krasa ketarik kalawan lelakone Hyang Yama lan Dewi Mumpuni. Sabanjure Nagatmala tumuju kayangan Hargadumilah kanthi ancas bakal nemoni Dewi Mumpuni.
Sawise kedadeyan patemone Bambang Nagatmala lan Dewi Mumpuni, wusanane antarane kalorone tuwuh rasa tresna lan sarujuk bakal ninggalake kayangan Hargadumilah kanggo mujudake krenteg mbangun tresna bebarengan. Ananging Hyang Yama ngonangi tumindake Nagatmala lan Dewi Mumpuni.
Hyang Yama banjur ngrangket Bambang Nagatmala. Putrane Hyang Anantaboga iku banjur diajar entek-entekan. Bathara Anantaboga ora trima nalika weruh putrane diajar dening Hyang Yama. Dewaning ula iku nesu lan malih rupa dadi ula naga kang swiwine ngelar amba.

Bathara Anantaboga banjur ngadhep Bathara Guru lan nglapurake tumindake Bathara Yama kang sawiyah-wiyah marang Bambang Nagatmala. Nesune Hyang Ananataboga gawe girise Bathara Guru, amarga ora ana dewa kang wani ngadhepi Bathara Anantaboga nalika malih dadi ula naga lan nesu banget iku.
Bathara Guru banjur nimbali Hyang Yama lan ditakoni bab lapurane Bathara Anantaboga. Hyang Yama ngakoni kabeh tumindake kang dilapurake dening Hyang Anantaboga. Bebarengan kalawan kedadeyan iku, Dewi Mumpuni ngadhep Bathara Guru lan njaluk supaya dililani ningkah kalawan Bambang Nagatmala.

Wusana, Bathara Guru utawa Sanghyang Manikmaya ngabulake panjaluke Dewi Mumpuni. Miturut Hyang Manikmaya, wus dadi katetepan takdir yen Bambang Nagatmala iku bakal dadi sisihane Dewi Mumpuni. Bathara Yamadipati nampa kanthi legawa marang katetepane Bathara Guru iku. ::Ichwan Prasetyo::


Comments
0 Comments

0 komentar:


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk http://4.bp.blogspot.com/-bC3cV4bd7RA/VNOs1wF9gYI/AAAAAAAAFFY/EXXJ682sI-A/s1600/Karikatur%2Bmurah%2BSemarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007