Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Kamis, Desember 11, 2008

Arya Udawa setya tuhu mbelani Narayana



udawa_solo
Arya Udawa kang uga kondhang sinebut Patih Udawa iku putrane Arya Basudewa lan Ken Sagopi utawa Sagupi.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, sawise Ken Sagopi palakrama karo Antagopa, Arya Udawa lan loro sedulur liyane, Dewi Rarasati utawa Larasati lan Arya Adimanggala banjur dumunung ing kabuyutan Widarakandhang utawa Widarakandha.


Amarga Ken Sagopi palakrama karo Antagopa, sabanjure Udawa lan kabeh sedulure dadi anak-anake Antagopa. Nalika iku ing krajan Mandura dumadi dredah saka trekahe Kangsadewa kang sedya nguwasani dhampar keprabon Mandura. Kangsadewa uga ngracik rancangan arep mateni kabeh putrane Prabu Basudewa, raja kang jumeneng ing Mandura.
Jalaran iku, putra putrane Prabu Basudewa yaiku Kakrasana, Narayana lan adhine Dewi Wara Sumbadra didhelikake ing kabuyutan Widarakandhang, dititipake marang Nyai Sagopi lan Antagopa supaya digulawenthah kanthi permati. Wiwit tekane putra putrane Prabu Basudewa ing Widrakandhang iku Udawa banjur duwe sesambungan raket karo Narayana. Prasasat Narayana iku wus dadi kadidene sedulur tuwane Udawa. Lan Udawa dhewe uga tansah enthengen yen kudu mbiyantu Narayana.

Arya Udawa kondhang duwe watak setya tuhu, menengan lan seneng ngalah.Ananging yen dheweke ora bisa ngendhaleni rasa pangrasane bakal dadi sedhih lan banjur nangis kanggo ngluwari rasa rupak ing atine. Ing lakon Udawa Rabi, Udawa kasil palakrama karo wanita pilihan atine kang jeneng Dewi Antiwati, putrane putri Arya Sakuni utawa Sengkuni. Udawa kasil ngrabi Dewi Antiwati sawise kasil ngatasi maneka reridhu kang ngadhang.
Nalika iku, Udawa antuk silihan kampuh duweke Arjuna. Sing nyilihi dewi Rarasati utawa Larasati, saengga Udawa menjila dadi sekti mandraguna lan kasil ngalahake kabeh priya kang uga pengin ngrabi Dewi Antiwati. Udawa iku prasasat ora nate pisah saka cedheka Narayana.

Lan nalika Narayana jumeneng nata ing krajan Dwarawati jejuluk Sri Bathara Kresna, Arya Udawa banjur sinengkakake ngaluhur jumeneng pepatih ing Dwarawati. Nalika pecah perang Baratayuda, Udawa mimpin wadyabala Dwarawati ngadhepi wadyabala Kurawa.

Ing Mosala Parwa perangan kaping XVI saka Kitab Mahabarata dicritakake yen Udawa gugur ing paprangan adu gada kalawan kulawargane dhewe. Udawa gugur dening Yadawa, Wresni lan Andaka.
Dene mula bukane Udawa dadi putrane Antagopa kawiwitan nalika Prabu Basudewa, raja ing Mandura, cidraresmi karo Ken Sagopi, adhine Patih Saragupita. Ken Sagopi iku miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, karyane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih, 2004, sawijining pambeksa ing krajan Mandura kang kondhang sulistya ing rupa. 

Saka cidraresmine karo Prabu Basudewa iku Ken Sagopi nglairake jabang bayi kang dijenengi Udawa. Nalika nglairake jabang bayi asil cidraresmi iku Ken Sagopi dipasrahake marang Prabu Bismaka raja krajan Kumbina kang ora liya adhine Basudewa. Sagopi dipasrahake marang Bismaka supaya ora ndadekaka dredah ing krajan Mandura.
Jejere Ken Sagopi kang pancen sulistya ing rupa wusana uga nuwuhake rasa kepencut ing atine Bismaka. Wusana Bismaka uga nglakoni cidraresmi karo Ken Sagopi. Saka kedadeyan iki Ken Sagopi nglairake jabang bayi kang dijenengi Dewi Larasati. Sabanjure Ken Sagopi dipasrahake marang Prabu Setyajid, adhine Bismaka kang dumunung ing Lesanpura.

Pranyata Setyajid uga kepencut marang Ken Sagopi lan uga mbangun cidraresmi lan nurunake jabang bayi kang dijenengi Raden Adimanggala. Sabanjure Ken Sagopi dipasrahake marang Demang utawa Ki Buyut Antagopa ing kabuyutan Widarakandhang. Udawa, Larasati lan Adimanggala uga dijak. Wiwit iku bocah telu iku banjur kondhang minangka anake Ken Sagopi lan Antagopa. ::Dening: Ichwan Prasetyo::


Comments
0 Comments

0 komentar:


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk http://4.bp.blogspot.com/-bC3cV4bd7RA/VNOs1wF9gYI/AAAAAAAAFFY/EXXJ682sI-A/s1600/Karikatur%2Bmurah%2BSemarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007