Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Kamis, Desember 11, 2008

Bathara Surya njurung ngrembakane titah




surya_solo
Bathara Surya iku putrane Sanghyang Ismaya lan Dewi Senggani. Bathara Surya duwe sedulur cacah sepuluh, yaiku Sanghyang Wungkuam, Sanghyang Temboro, Sanghyang Kuwera, Sanghyang Wrahaspati, Sanghyang Syiwah, Sanghyang Surya, Sanghyang Candra, Sanghyang Yama/Yamadipati, Sanghyang Kamajaya lan Bathari Darmanasti utawa Dewi Darmanastiti. 


Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Surya dicritakake duwe sisihan loro, mbakyu adhi, yaiku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Sisihane Sanghyang Surya iki sabanjure nurunake bangsa kaga utawa garudha lan bangsa naga utawa ula.
Dening Sanghyang Ismaya, sisihane Sanghyang Surya sakeloron iku diparingi endhog siji-siji. Endhog kang diparingake marang Dewi Ngruna, sawise tekan titi mangsane netes dadi kaga utawa garudha kembar lan dijenengi Sampati lan Jatayu. Sabanjure, garudha kembar iku kondhang lan dadi paraga baku ing crita Ramayana.
Dene endhog kang diparingake marang Dewi Ngruni, nalika tekan titi mangsane netes dadi ula kang cacahe tanpa wilangan, akeh banget. Miturut Mahabharata, garudha Sampati lan Jatayu iku putrane garudha Aruna kang lair saka guwa garbane Dewi Sweni.

Kaga Aruna lan Garudha iku putrane Resi Kasyapa lan sisihane kang asmane Dewi Winata. Lan bangsane naga utawa ula kasebut uga putrane Resi Kasyapa lan sisihan liyane kang asmane Dewi Kadru.
Sisihane Bathara Surya liyane, yaiku Dewi Prati utawa Dewi Haruni, putrane putri Sanghyang Ramaprawa. Lan Sanghyang Ramaprawa dhewe ora liya ya putrane Sanghyang Wening.
Putra resmine asma Bathara Rawiatmaja kang sabanjure nurunake raja-raja ing Mahispati utawa Maespati, antarane yaiku Prabu Arjunawijaya utawa Arjunasasrabahu lan Sumantri.
Bathara Surya nate paring Cupu Manik Astagina marang Dewi Indradi kang nyebabake tuwuhe kasangsayan tumrap Dewi Indradi lan anak-anake, yaiku Dewi Anjani, Subali lan Sugriwa. Kabeh padha malih rupa dadi wanara, mangkono uga para abdi kang nggulawentah.

Ing lakon Pandhu Krama, Dewi Kunthi, putrane putri Prabu Kunthiboja saka Krajan Mandura, peputra Karna utawa Suryatmaja lan uga kondhang kanthi jeneng Suryaputra, adipati Awangga. Dewi Kunthi peputra Karna amarga nerak piwelinge gurune, Resi Druwasa, supaya ora matek aji Pameling Wekasing Tunggal nalika ngancik wayah tengange, yaiku wancine srengenge ana ing tengah.

Amarga nerak piwelinge gurune iku, kang ateges Dewi Kunthi matek aji Pameling Wekasing Tunggal, wusana Bathara Surya tumeka ing sangarepe Dewi Kunthi. Kedadeyan iku ndadekake Dewi Kunthi ngandhut jabang bayi kang nalika lair ngliwati kupinge Dewi Kunthi lan dijenengi Karna.

Bathara Surya duwe tunggangan arupa kreta kang ditarik dening jaran cacah pitu. Kreta sajanaren nate disilih Bathara Wisnu kanggo nyirnakake Prabu Watugunung, raja krajan Gilingwesi.
Sanghyang Surya iku kang mangerteni sapa sing nyolong Tirta Amerta utawa banyu panguripan kang murca saka kadewatan. Sing nyolong ora liya Kala Rahu. Wusanane Bathara Surya tansah diancam dening Kala Rahu, bakal dipangan.
Yen Sanghyang Surya bisa dicekel dening Kala Rahu lan diemplok, bakal dumadi grahana srengenge. Sanghyang Surya iku dewane srengenge. Kayangane sinebut Ekacakra.

Bathara Surya madhangi arcapada, paring kalodhangan kanggo tuwuh lan ngrembakane tumrap kabeh titah ing wanci awan. Sanghyang Surya duwe putra loro saka Dewi Ngruni, yaiku Dewi Suryawati (sabanjure dadi sisihane Gathotkaca lan nurunake putra kang jenenge Suryakaca) lan Suryanindra. Wandane Bathara Surya iku Rawe. ::Ichwan Prasetyo::


Comments
0 Comments

0 komentar:


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk http://4.bp.blogspot.com/-bC3cV4bd7RA/VNOs1wF9gYI/AAAAAAAAFFY/EXXJ682sI-A/s1600/Karikatur%2Bmurah%2BSemarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007