Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Kamis, Desember 11, 2008

Pragota seneng guyon lan gojegan


pragoto_solo
Arya Pragota utawa Patih Pragota iku patihe Prabu Baladewa ing Krajan Mandura. Pragota nglenggahi jejering patih njaba. Sedulure Pragota yaiku Arya Prabawa kang ing wektu iku nglenggahi jejering patih njero.
Pawakane Patih Pragota iku gagah pideksa, mirip kaya Dursasana. Swarane bantas, seneng guyon lan gojegan, lan yen micara mesthi dipungkasi kanthi ngguyu lakak-lakak. Amarga sipate kang mangkono iku, Patih Pragota bisa ngimbangi sipate Prabu Baladewa kang gampang nesu.


Nalika dumadi paprangan, kridhane Pragota ing paprangan iku uga kayadene wong kang seneng-seneng, ora lali guyon lan gojegan lan tansah ngumbar esem lan ora kendhat gumuyu nalika ngadhepi mungsuh.
Yen katemben menang ing paprangan Pragota tansah ngguyu cekakakan sinambi jejogedan. Lan yen katemben kalah ing paprangan, dheweke uga ora sedhih. Kabeh dianggep lumrah lan sabanjure lumaku kanthi entheng.
Sadawane uripe Pragota tansah setya tuhu ngabdi marang Prabu Baladewa utawa Kakrasana ing krajan Mandura. Miturut crita ing jagad pedhalangan, Pragota iku anake Antagopa lan Nyai Sagopi.
Dene anak-anake Antagopa lan Nyai Sagopi saliyane Pragota kang dadi pepatihe Prabu Baladewa yaiku, Udawa kang dadi patih ing Nagara Dwaratwati ngabdi marang Prabu Kresna lan Dewi Larasati, sisihane Arjuna kang sepisanan.
Pragota nglenggahi jejering patih ing krajan Mandura nggenteni Patih Saragupita kang ngabdi marang Prabu Basudewa. Saliyane tansah gumbira, Patih pragota uga duwe watak jujur, tansah blaka suta, saengga bisa tansah cedhak marang Prabu Baladewa. 

Saliyen nglenggahi jejering patih ing nagara Mandura ngampingi Prabu Baladewa, Pragota uga dadi srati gajah Puspadenta kang ora liya gajah klangenane Prabu Baladewa.
Dene kepriye pungkasan uripe Pragota, miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991 lan buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, karyane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih, 2004, ora dimangerteni kanthi cetha.
Antagopa minangka bapake Pragota nalika isih cilik pakaryane angon kewan. Amarga saka pakaryane iku wusana Antagopa menjila dadi manungsa kang wasis lan prigel yen kapatah nggulawenthah bocah.
Antagopa ora duwe anak turun. Sisihane kang jenenge Nyai Sagopi, sawijining swarawati ing Karaton Mandura. Nyai Sagopi dadi sisihane Antagopa amarga dhawuhe Prabu Basudewa.

Bapake Antagopa jenenge Buyut Gupala. Dheweke kang ngreksa kabuyutan Widarakandha ing jamane Prabu Basukunthi jumeneng nata ing Mandura. Kabuyutan Widarakandha kondhang sinebut Widarakandhang.
Saliyane nggulawenthah Larasati, Udawa lan Pragota, pasangan Antagopa lan Nyai Sagopi uga kapatah nggulawenthah para putra pangeran Krajan Mandura yaiku Kakrasana, Narayana lan Dewi Sumbadra.

Nalika wus ngancik tuwa, Antagopa lan Nyai Sagopi urip kanthi tentrem, raharja lan tansah kalimputan kabagyan. Kekarone nggulawenthah Kakrasana engga jumeneng nata ing Mandura jejuluk Prabu Baladewa. ::Ichwan Prasetyo::


Comments
0 Comments

0 komentar:


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk http://4.bp.blogspot.com/-bC3cV4bd7RA/VNOs1wF9gYI/AAAAAAAAFFY/EXXJ682sI-A/s1600/Karikatur%2Bmurah%2BSemarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007