Salah sijine gapura sugeng rawuh saka tatanan watu lan bata sing wernane abang enom. Lan sing ditata kaya bangunan omah adhat kutha kretek. Uga cet sing awit luntur katon ngadeg jejeg ana ing pinggir dalan mlebu pinuju desa Loram kulon, Kecamatan Jati, Kudus, Jawa Tengah.
Ana salah sijine perangan bangunan sing dhuwure rong meter kuwi, kasebut tulisan “ Anda Masuk Desa Loram “ sing ditulis karo huruf gedhe lan wernane peteng kontras banget karo latar belakange sing abng enom mau. Tanpa maca, wong-wong sing ngliwati dhaerah home industry awit saka tas nganti tekstil, apa maneh sing manggin ana ing jerone kuwi bakal weruh yen dhaerah kuwi wis mlebu Loram.
Miturut perangan-perangan literatur sing awit nguning amerga umure sing wis tuwa, sing kepojok karo pirang-pirang perpustakaan sing ana ing kudus, jenenge kuwi kanyatan nduweni crita sing unik. Durung meneh babagan sejarahe sing diperkoleh saka Dinas Pariwisata lan Kebudayaan Kudus, liwat kebahasaan, kesenian, lan nilai tradisional (KKNT).
Nalika dirunut saka sumber-sumber pancarita, contone saka sepenuh desa, jeneng Loram dikira ana sangkut paute karo wit sing jenenge Lo, sing dhisik kerep dianggo tapa para panguasa kerajaan Majapahit sing pungkasan, Prabu Brawijaya. Nalika dheweke ngembara lan semedi ing sawijining panggonan. Ing panggonan kuwi, atusan tun sing wis kepungkur, wong ngerti wit Lo kuwi saya mundhak gedhe kaya raksesa, lan isih ngadeg jejeg. Sank sadulur ing desa kuwi ngerti bab ngono kuwi mau ana sing ngram-rami. Banjur diarani Lo lan Ram, sahengga dhaerah kuwi dikenal dadi Loram.