Sunan Kudus kuwi asline ora saka Kudus. Dheweke teka saka
Jipang Pamelang (ana sing ngarani sisih
lor Bloro), adone 25 kilometer saka arah
kulan kutha Kudus, Jawa
Tengah. Ing kono dheweke dilahirake, lan diwenehi jeneng Ja’far Shodiq. Dheweke
yaiku ana saka Sunan Udung utawa Raden Ja’far Shodiq. Dheweke yaiku anak saka
sunan undung utawa (Raden Usman Haji)
karo Syarifah, putune Sunan Ampel. Samangso
kesuwure Sultan Undung kesuwur Panglima Perang sang gagah.
Nganti sauntara wektu, Sunan Undung mati sajerone perang
antarane Demak lan Majapahit. Sawise iku, Ja’far Shodiq nganti palungguhane bapake. Tugas sing paling
baku yaiku ngalahke laladan Kraton Majapahit kanggo ngambakake panguwasa Demak.
Kasunyatan Ja’far Shodiq bisa mboktekake ing laladan perang, ora kalah saka
kepinterane bapake
Ja’far Sodiq kasil ngembangake Kerajaaan Demak, nganti tekan
Madura, lan tekan sisih kulon nganti
Cirebon.
Ja’far Shodiq kelakon sembarake laladan Kraton Demak, Megetan nganti Madura, lan ngulon nganti Cirebon. Kasil iki banjur nyebabake
macem-macem crita kadigdayane Ja’far Shodiq.
Contone sadurunge perang Ja’far Shodiq diwenehi badhong
bangsane rompi karo Sunan Gunung Jati. Badhong iku di gowo
mubeng-mubeng sajerone perang.
“Ngger
enggone badong iki kanggo ngayomi awakmu yen kowe perang,” kandane sunan Gunung
Jati.
Iki badhong sekti ojo nganti
bodong iki kok ilangake iki badhong wasiat, mengko saben kowe
nggunakake badhong iki mesthi bakal ana
keajaiban sing kodelok.
“Inggih
matur nuwun Sunan, kula badhe ngginakake
badhong punika kanthi sae lan badhe kula rumat. Kula nyuwun pamit saha nyuwun pangestune Sunan Gunung
Jati, supados anggenipun kula kesah diparingi
keselametan.”
“Iya,
tak pangestuni ngger, sing ngati-ati,”
Ja’far Sodiq langsung lunga.
Kadigdayane saka badhong iku banjur metu mayuto-yuto tikus, sing uga kasunyatan
digdaya. Yen digebug, tikus iku ora
malah mati, nanging saya ngamuk sakarepe dhewe. Bala tentara
Majapahit wedi mlayu sipat kuping, dhewe
uga duwe sawijine pethi sing mati diantup tawon. Sing mesthi pimpinan pasukan
majapahit Adipati Tenung, nyerah karo pasukan Ja’far Sodiq. Sabubare perang,
Ja’far Shodiq ngawini anake Tenung, sing akhire duwe anak wolu.
“Ja’far
Sodiq dakakoni pancen kowe sekti, aku nyerah,” kandhane Adipati Terung marang
Ja’far Sodiq. Aku duwe hadiah kanggo kowe. Apa kowe gelem dakkawinke karo
anakku? Anakku ayu lan pinter.
“Inggih,
kula purun. Putrane panjenengan punapa purun kaliyan kula?”
“Anakku
mesthi gelem, lha wong anakku kuwi bocahe nurut marang aku.”
Bareng
tekan kratone Adipati Tenung ngomong karo anake.
“Nduk,
kowe kuwi wis gede, wes wayahe awakmu mbangun bale wisma,” kandhane Adipati
Tenung marang anake.
“Pepengine
rama, kula enggal-enggal krama ngater?”
“Iya,
aku wis nemu jodho kanggo kowe, wong gagah, bagus, sekti lan nduwe sopan santun
kang apik.”
“Inggih
rama, kula manut kaliyan rama kemawon, pundi ingkang sae kagem kula.”
Akhire
Ja’far Shadiq kawin karo putrane Adipati Tenung.
Asile
ngalahake Majapahit, Ja’far Sodiq saya kuat. Deweke entuk tugas kanggo
ngalahake Adipati Handayaningrat, sing duwe niat nyerang Kerajaan Demak.
Adipati Handayaningrat kaya dene pangkat sing dinggo Kebo Kenanga, panguwasa
laladan pengging, wilayah Boyolali lan sakiwa tengene.
Kebo
Kenanga nduweni niat ngedekake negara dhewe karo ki Ageng Tingkir. Kekarone
kuwi pendhereke Syekh Siti Jenar, sawijining guru sing mulang urip model suti.
Kebo Kenanga lan Tingkir digambarake kaya dene dulur seperjuangan, sing padha
sayange kaya dene dulur kandhung.
Tandha-tandha
mbalela kebo kenanga saya katon wektu dheweke mbangkang karo Raja Demak,
Adipati Bintara utawa sing luwih kesuwur ajejuluk Raden Patah. Layang undangan
sing digawe Raden Patah ditelantarake Kebo Kenanga nganti telung taun. Mula
Raden Patah mutusake ngalahake mbalelane Kebo Kenanga iku.
“Aku
emoh ngadep Adipati Bintara,” kandhane Kebo Kenanga.
“Aku
arep ngedekake negara dewe karo ki Ageng Tingkir.”
“Nganti
salawase aku ora bakal ngadep Adipati Bintara.”
“Wis
nganti telung taun Kebo Keananga ora ngadep aku,” ngendikane Raden Patah.
“Aku
wis pasrah, yen ngene iku aku mutusake balelane Kebo Kenanga.”
Raden
Patah mrentah Ja’far Sodiq ngerem-ngerem Kebo Kenanga. Sak jroning perang, Kebo
Kenanga mati, ananging kadigdayane Ja’far Sodiq panglima perang suwe-suwe
lingsem. Nganti ancang-ancang pindhahe ing Kudus, Ja’far Sodiq wis ora dadi
panglima perang ananging dadi penghulu masjid ing Demak.
“Awakmu
dakwenehi tugas ngerem-erem Kebo Kenanga,” kandhane Raden Patah marang Ja’far
Sodiq.
“Inggih
sendika dauh Raden.”
Ja’far
Sodiq lunga marani Kebo Kenanga ananging Kebo Kenanga ora bisa diomongi kanthi
alus. Ja’far Sodiq uga ngladeni kekarepane Kebo Kenanga. Kebo Kenanga kalah
deweke mati ing medan perang.
Sak
lungane Ja’far Sodiq saka Demak, ana pangira Ja’far Sodiq salah paham karo Raja
Demak. Menawa wae Ja’far Sodiq salah paham karo Sunan Kalijaga. Sakjroning
serat kandha diterangake Ja’far Sodiq nduwe murid, Pangeran Prawoto. Pangeran
Prawoto ngakoni Sunan Kalijaga iku guru anyar.
Ja’far
Sodiq nganggep, Pangeran Prawoto durhaka, amarga ngakoni guru loro, wektu iku
pangeran Prawoto dadi raja Demak. Ja’far Sodiq nduweni niyat mateni Prawoto
lewat tangane Aryu Penangsang, sing ora liya adhin kandhunge Prawoto.
“Prawoto
kuwi durhaka amarga ngakoni guru loro,” kandhane Ja’far Sodiq.
“Aku
nduwe niat arep mateni Prawoto.”
“Arya
Penangsang kuwe tak wenehi tugas mateni Prawoto.”
“Nanging,
Sunan, Prawoto menika kakang kula.”
”Aku
rak peduli, pokoke Prawoto kudu mati.”
Akhire
Arya Penangsang banjur ngongkon wong liya, sing jenenge Rangkud.
“Rangkud,
aku njaluk tulung. Tulung kakang Prawoto kae pateni, Ja’far Sodiq ngongkon aku,
ananging aku rak tegel amarga Prawoto kuwi kakangku dewe.”
“Lha,
kenapa kok kudu dipateni?”
“Ngendikane
Ja’far Sodiq, Prawoto kuwi durhaka amarga ngakoni guru loro.”
“Ooo…ngono
perkarane. Yen ngono aku gelem nglaksanakake tugas.”
Pangeran
Prawoto akhire mati karo bojone, sawise ditusuk rangkud, mayite Prawoto
disendhekake ing awake bojone, amarga kekarone diunus pedhang. Rangkud uga mati
amarga ora dinyana-nyana, sadurunge mati, Prawoto sempat nguncalake keris Kyai
Bethok ing awake.
Ja’far
Sodiq ninggalake Demak kerana awake dhewe. Dheweke kepengin urip bebas kanggo
kepentingan agama Islam. Durung jelas kapan cethane Ja’far Sodiq teka ana ing
Kudus. Wektu Ja’far Sodiq teka ing Kudus, kutha iku isih dijenengi Kutha Tajug.
Raiturut kandhane warga ing kono, sing pisanan mbiyarake kutha Tajug yaiku Kyai
Telingsing. Jenenge asli Telingsing yaiku The Ling Sing amarga asale saka
negara Cina nanging agamane Islam.
Crita
iki nuduhake yen kutha iku wis maju sadurunge Ja’far Sodiq teka. Crita sing
dipercaya, Ja’far Sodiq dadi penghulu Demak sing nyingkir saka Kraton. Ing
Tajug, Ja’far Sodiq kawitane urip ing tengah-tengahing jama’ah cilik. Ana sing
natsin jamaah Ja’ar Sodiqsantrine ana sing saka Demak. Sakwise jamaahe saya
akeh, Ja’far Sodiq banjur mbangun mesjid kanggo ngibadah lan kanggo pusat
penyebaran agama. Panggonan ibadah sing diyakini dibangun Ja’far Sodiq yaiku
mesjid menara Kudus, sing saiki isih ngadeg. Jenenge Ja’far Sodiq ditulis
sajroning tembok mesjid.
Miturut
catetan lan critane masyarakat, Mesjid Menara Kudus iki dibangun taun 956
Hijriyah utawa 1549 M. Sajroning tulisan ana tembung basa arab sing artine
“Mesjid Aqso iki didekke ing negara Qudus….” Cetha banget Ja’far Sodiq menehi
jeneng masjid yaiku Mesjid Aqso, padha karo Mesjid Masjidil Aqso ing
Yerussalem.
Kutha
Tajug uga nduweni jeneng anyar, yaiku Quds, banjur ganti dadi Kudus. Akhire
Ja’far Sodiq dhewe luwih misuwur ajejuluk Sunan Kudus. Sajroning nyebarake
agama Islam Sunan Kudus manut alirane Sunan Kalijaga, yaiku nggunakkae model
“tutwuri Handayani” tegese Sunan Kudus yen nyebarake agama saka sethithik.
Wektu
iku wong Kudus isih dikuwasai penganut Hindhu. Mula Sunan Kudus anggone
nyebarake agama kanthi cara nggabungake adat Hindhu mlebu ing Islam. Contone
Sunan Kudus nyembelih kebo, ora sapi, wektu Idul Adha. Iku mratandhakake
pangormatan Sunan Kudus marang umat Hindhu. Amarga sapi ing agama Hindhu kuwi
kelebu kewan kang suci.
Cara
sing menarik supaya penganut agama liya siap ngrungokake ceramah agama Islam
saka Sunan Kudus yaiku surat al- baqarah
sing artine sapi. Kerep diwacakake Sunan Kudus kanggo nengsemake sing
ngrungokake.
“Para
jamaah nyuwu perhatosanipun, kula badhe maosaken Surat Al-Baqarah ingkang
artosipun sapi.”
Pembangunan
Mesjid Kudus ora ninggalake arsitek Hindhu, wangun menarane teteparsitek gaya
Hindhu.
“Sunan
kenging napa menara ingkang dipun damel kok bangunane sami kaliyan bentuk
bangunan Hindhu?” pitakone salah sawijining santrine Sunan Kudus.
“Kuwi
mratandakake yen awake dhewe isih ngormati agama liya.”
“Punapa
kok kedhah ngaten Sunan?”
“Amarga
warga ing kene akehe nganut agama Hindhu, mula supaya masyarakat ora canggung,
aku milih nyebarake agama kanthi cara mangkono.”
“Oo..mekaten
nggih, Sunan.”
Kejaba
menara Kudus deweke uga ninggali mesjid gedhe ing Kudus sing banjur dikenal
kanthi sebutan Masjid Menara Kudus. Ing plataran mesjid ana bangunan menara
kuno kang endah. Asal usule jeneng kudus miturut dongeng ing kalangan
masyarakat yaiku jaman Sunan Kudus tau lunga kaji karo luru ngelmu ing negara
Arab. Banjur dheweke uga mulang ing kana. Wektu iku tanah Arab kena wabah
penyakit sing medeni, penyakit iku isa waras amarga jasane Sunan Kudus. Mulane
wong kana menehi hadhiah karo Sunan Kudus. Ananging deweke ora gelem, mung
kenang-kenangan watu sing dijaluk, watu iku saka kuto Baitul Makdis utawa
Jerussalem. Mula kanggo tandha pangormatan tau neng kana banjur diwenehi jeneng
Kudus.
“Sunan
punika kenang-kenangan saking warga mriki amargi sunan sampun nylametake
masyarakat Arab saking wabah penyakit.”
“Ora
usah repot, aku nulung kanthi ati ikhlas.”
“Punapa
Sunan mboten kersa kaliyan hadiah punika?”
“Ora
ngono, aku mung pengen njaluk kenang-kenangan watu saka tanah Arab kene.”
“Inggih,
mangga Sunan, ananging punika namung watu biasa.”
”Ora
apa-apa.”
Kebiasaan
unik Sunan Kudus sajroning dakwah yaiku acara bedhug dandang kanggo pratandha
tekane sasi ramadhan kanggo ngundang para jamaah ing mesjid. Sunan Kudus nabuh
bedug terus-terusan. Sakwise jamah kumpul ing mesjid Sunan Kudus ngumumake
kapan peesise kawitane pasa pisanan.
“Para
jamaah pasa pisanan diwiwiti sesuk pajar. Mula padha disiapke lahir batin. Yen
pasa aja mung ngempet hawa nafsu namun perilaku uga dijaga,” ngendikane Sunan
Kudus.
Saiki
acara dandangan isih diterusake ananging wis adoh saka asline. Yen arep
ramadhan akeh wong sing padha teka ing sakiwa tengene mesjid, ananging ora arep
ngrungokake pengumuman awal pasa, mung kanggo tuku macem-macem jadah sing
diedol para pedagang musiman.
Sadurunge
mesjid kuno kuwi dibangun, dheweke nggawe mesjid ing Nganguk, yaiku mesjide
Sunan Kudus kang pisanan. Sajroning crita sakdurunge Sunan Kudus dadi pemimpin
ing Kudus ana sawijining tokoh kang misuhur yaiku kyai Telingsing, amarga
deweke wis tuwo pengen luru gantine.
Sawijining
dina kyai Telingsing ngadek lingak-linguk ujug-ujug Sunan Kudus saka kidul,
banjur mesjid dibangun kanthi wektu kang cepet, malah ana sing kandha mesjid
iku ujug-ujug ana terus diarani Mesjid Tiban. Banjur desa iku dijenengake
Nganguk, mesjide dijenengi Mesjid Nganguk Wali.
Sajroning
crita masyarakat ing kono menara Kudus lan lawang kembar iku dibungkus
saputangan kang digawa saka tanah Arab, ana sing kandha maneh lawang kembar
pindhahan saka Majapahit.