Pasaran Pahing, kanggone masarakat desa Mejing, kecamatan Candimulyo, kabupaten Magelang, kalebu pasaran kang dadi sirikan. Sing dikarepake sirikan ing kene yaiku ora kena nindakake pagaweyan kang bisa njalari cilaka, utawa njalari kedadeyan kang ora dikarepake. Kayata: ora kena ijab, ora kena kanggo mijeti wong, ora kena supitan, ora kena kanggo negor wit lan sapanunggalane. Pokokke pagaweyan kang mbebayani utawa duwe resiko gedhe, masarakat ora wani nindakake ing pasaran Pahing.
Miturut ceritane wong-wong tuwa, biyen pasaran Pahing kuwi minangka pasaran kang biasa digunakake kanggo mateni wong. Prastawa iki kawiwitan ing jaman Walanda. Kreteg kang ana ing dhusun Kalibening-Mejing, minangka papan kang digunakake kanggo nyembelih wong-wong tahanan utawa wong kang luput marang pamarentahaning Walanda. Lan nalika G 30 S PKI, paten pinaten ing kreteg iku kadang isih ditindakake. Dadi kreteg iku saiki dadi angker.
Pasaran Pahing dianggep pasaran kang sangar kanggone masarakat Mejing. Ananging warga kang cetha ora kena nglanggar pasaran iku, warga kang asli klairan desa Mejing. Yen warga pendatang ora dadi ngapa. Senajan ora dadi ngapa, warga pendatang uga ora wani nglanggar pantangan mau.
Ana kedadeyan nyata kang dialami dening warga asli Mejing. Jenenge Ikhsan. Dheweke nalika ijab, nganggo pasaran kuwi, nadyan wis dipenging supaya ora ijab ing pasaran iku, meksa dheweke nglanggar. Ora sawetara suwe saka ijabe, udakara telung dina sawise ijab, bojone tiwas ketabrak motor.
Ana maneh Mbah Surti, nalika ing pasaran Pahing dheweke dikongkon mijeti tanggane kang ora percaya anane pantangan iku. Senajan Mbah Surti ora gelem mijeti, nanging dheweke dipeksa kudu gelem mijeti kanthi upah kang gedhe. Banjur kepeksa dheweke mijeti tanggane mau. Sabubare mijeti, awakke Mbah Surti malah dadi lara kabeh, pating krekes, banjur masuk angin nganti seminggu suwene.
Kedadeyan kaya kang wis disebut ing dhuwur mau, dadi peringatan keras tumrape masarakat Mejing. Isih ana maneh prastawa-prastawa kang nganeh-anehi ing pasaran Pahing, nalika masarakat kang ora percaya banjur nerak pantangan iku. Nganti saiki nadyan jaman wis malih rupa sakabehane, nanging pantangan mau tetep dadi urusan kang nggegirisi tumrape masarakat Mejing.