Thenguk-thenguk, dheleg-dheleg
Linggih dhewe ing kursi ngarep omah
Ngalamun ing sakngisore udan grimis,
Weteng wis sambat luwe
Pengen mangan sate, dhuwit ora nduwe
Mung ana sega sambel trasi ing meja mburi
Cukup, wis ana lawuhe tempe
“Pakne ayo ndang mangan,
Magrib-magrib aja ngalamun ing ngarep lawang
Mundhak rejekine ora sida teka!”
Suwara bojo wis ngilangke gambar sate
Saikine mung ana tempe sing ngawe-awe,
Kuwi kudu wis disyukuri
Bojo kang ayu isih ning kene
Sanajan ora kuwat nukokake sate,
Biyung, rekasane dadi pegawe
Ora nduwe pegaweyan dhewe
Bisane mung ngetung dina, ngetung jam
Ngarep-arep supayane dina-dina cepet diliwati
Ngenteni tumekane tanggal enom
“Mbokne saiki ditrimakake ngene ya
Limang ndina engkas mesthi bakal tak tukokake sate,
Saiki udane wis teka,
Kudune sedhela engkas rejekine sing teka,”
Yoni ahmad – 28 November 2010