Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Minggu, Mei 03, 2009

RADEN KEMBANGJAYA

Ing abad VIII daerah Muriya isih dipisahke karo tlatah jawa. Ing daerah iku ana gunung sing dijenengke Gunung Muria. Pulau Muria lan Pualu Jawa dipisahke karo Selat Muriya. Daerah Pati mangggon ing wilayah tenggara Gunung Muriya. Sakbanjure iku ana gundukan Lumpur karo penyempitan, mula Selat Muriya maleh dadi Bengawan Silugangga atau selat Sungai Juwana amarga muarane ing daerah Juwana.
Wilayah Pati Lor lan Pati Kidul dipisahke karo kali Juwana. Pati Lor umure luwih tuwa tinimbang Pati Kidul. Ing Pati Lor tau ana kerajaan gedhe, jenenge Kerajaan Kaligangga yang dipimpin karo Ratu Shima.
Sakbanjure Kerajaan kaligangga bubar, kerajaan sakbanjure yaiku Kerajaan Mataram Hindu sing dipimpin karo raja-raja keturunane Syailendra lan Sanjaya sing pusat Pemerintahane manggon ing Jawa Tengah.Nalika Kerajaan Mataram pindah ing jawa Timur, ana kadipaten yaiku Carangsoka, Paranggaruda lan Majasemi.


Ing Kadipaten Carangsoka wilayane ana ing Lor sungai Juwana. Penguasane yaiku Adipati Puspahandungjaya, sing dhuweni puteri tunggal jenenge Rayangwulan. Wilayahe yaiku kecamatan Trangkil, Juwana, Pati, margorejo, Tlogowungu, Gembong, Wedarijaksa, Margoyoso, Tayu, Dukuhseti, Gunungwungkal, Cluwak, lan sebagian wilayah Jepara Wetan. Bekas pemerintahane ana ing desa Sukoharjo, kecamatan Wedarijaksa. Kadipaten Paranggaruda wilayahe ana ing bagian Kidul sungai Juwana. Penguasane yaiku Adipati Yudapati, sing dhuweni putra tunggal jenenge Raden Josari. Wilayahe yaiku Kecamatan Batangan, Jaken, Jakenan, Pucakwangi, Winong, Sukolilo, Kayen, Tambakromo, Gabus lan bagian wilayah Kulon Rembang. Pusat pemerintahane ana ing Godo, Kecamatan Winong.Kadipaten Majasemi dipimpin karo Raden Rukmayana.


Raden kembangjoyo yaiku pemuda sing gagah lan bagus. Dheweke duweni dulur loro yaiku Raden Rukmayana, lan Prameswari. Saben dinane dheweke mertapa lan golek ilmu ing wilayah Bandengan Trangkil. Ing remajane dheweke sekti mandraguna. Adipati Yudapati bali saka Paranggaruda. Dheweke tetep nyalahno Sapayana amarga wis mateni pangeran Josari. Yudapati durung puas sakdurunge bisa mateni Ki dalang Sapanyana. Pangeran Yudapati pingin Sapanyana digawa ing Paranggaruda lan diadili ing kana, nanging Puspahandungjaya ora gubris, akhire Yudapati ngamuk lan dhuweni niat ngejur Carangsoka.

Yudapati nyiapake prajurit lan senjara-senjata. Dheweke nyusun rencana gede-gedean kanggo nyerang Carangsoka. Krungu berita kayak ngono, Puspahandungjaya waspadaan lan ngumpulke kekuatan, dheweke ngundang senopati Kembangjaya. Adipati nrima usule Kembangjoyo kanggo nyusul Raden Sukmayana yaiku kangane Raden Kembangjoyo ing pertapaan Telamaya dikawasan Gunung muria. Sukmayana yaiku pendekar sakti, dhuweni benda pusaka sing ampuh yaiku Kuluk Kanigara lan Keris Pinutung. Raden sumayana gebung karo Carangsoka. Prajurit Carangsoka dadi semangat. Senopati Kembangjoyo, Rukmayana lan Ki Dalang Sapanyana langsung mimpin perang. Perang antarane paranggaruda lan Carangsoka ugi dimulai. Yudapati kaget amarga pertahanane Carangsoka kuat banget. Pertempurane amat dasyat, para jagoan bayaran saka paranggaruda mati kabeh, kahanan kaya ngono dadiake Yudapati wedi lan akhire dheweke mati kena tombak lan pedang.

Kahanan ing Carangsoka wis mbalik kaya biasane, penduduk uripe wis tentrem. Kembangjoyo akhire dinobatno dadi panglima perang lan dadi Adipati Carangsoka terus kawin karo Dewi Rayangwulan. Ora let suwe Carangsoka lan Paranggaruda didakeke siji karo Kembangjoyo dadi Kadipaten Pesantenan.
Kanggo ngatur pemerintahane Kembangjoyo mindahke pusat pemerintahane ing Kemiri lan bergelar Adipati Jayakusuma ing Pesantenan. Ing pemerintahane Kembangjoyo, rasa keadilan benar-benar diwujudake. Kanggo nglancaraake roda pemerintahane dheweke ngangkat dalang Sapanyana dadi Patih ing kadipaten Pesantenan lan bergelar Patih Sigasari.
Kembangjaya namung dhuweni putra siji sing jenenge raden Tambra. Sakbanjure Kembangjoyo wafat, Raden Tambra diangkat dadi Adipati Pasantenan sing bergelar Adipati Tambranegara. Ing pemerintahane, rakyat urip makmur, tentrem dan sejahtera. Kanggo ngembangke pembangunan Raden Tambra mindah pusat pemerintahane dadi ing desa Koborongan. Jeneng Pesantenna diganti dadi Kadipaten pati. Adipati Tambranegara dhuweni putra jenenge Raden Tanda, Raden Tanda nerusake mimpin Kadipaten Pati. Sakbanjure Raden tanda wafat kekuasaan Kadipaten Pati diterusake karo penggede-penggede yaiku,Ki Gede Jiwanala, Ki Gede Ragawangsa, Ki Gede Plangitan, Ki Gede Jambean. Antarane penggede siji lan sijine urip rukun lan pada Bantu, sehingga rasa tentrem bisa dinikmati karo kabeh rakyat Pati.

Comments
0 Comments

0 komentar:


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk http://4.bp.blogspot.com/-bC3cV4bd7RA/VNOs1wF9gYI/AAAAAAAAFFY/EXXJ682sI-A/s1600/Karikatur%2Bmurah%2BSemarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007