Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Minggu, Mei 03, 2009

PITIK CEMANI

Miturut critane, sabenere anane pitik cemani kuwi ora disengaja. Sadurunge lahire kutha Temanggung, ana pertapa sakti sing jenenge Ki Ageng Makukuhan. Ki Ageng seneng banget karo pitik sing rupane ireng kabeh, namung cangkeme sing warnane putih. Sing duwe pitik kuwi mung Ki Ageng Makukuhan pertapa sing ngembara nganti tekan ngendi-endi banjur bali menyang desa kelahirane yaiku Desa Kedu lan netep ing desa kuwi amarga kepengin ngilangi utawa nyuluhake warga Desa Kedu supaya adoh saka dhukun lan adoh saka santhet. Anggone Ki Ageng Makukuhan oleh pitik kuwi amarga dheweke sregep tapa lan tirakatan saben wayah wengi. Nalika mangsane wong-wong padha turu bengi, Ki Ageng Makukuhan malah ngakehi melek ing wayah wengi.
Ki Ageng Makukuhan ing dhaerah Kedu wis duwe jeneng amarga dheweke duwe watak kang welas asih, lan luhur budi pekertine. Ki Ageng yen dijaluki tulung karo wong-wong ora tau njaluk upah utawa balesan. Ki Ageng wis wanti-wanti warga yen menehi pitulungan kuwi aja padha njaluk balesan, nanging warga desa padha ora nggubris ngendikane Ki Ageng.


Saben dinane Ki Ageng nindakake sholat, ora nate telat lan dadi panutane warga desa ing kana. Saben malem Jum’at Ki Ageng Makukuhan semedi ing kuburan keramat ana dhaerah Kedu sing isih akeh kuburan keramat. Nalika Ki Ageng Makukuhan semedi ing kuburan keramat sing biasane, Ki Ageng diwenehi wangsit yen dikongkon ngobati penyakit anak Panembahan Harga Pikukuh sing jenenge Lintang Katon nganggo pitik sing diduweni kuwi. Ki Ageng Makukuhan lan Ki Ageng ora oleh ninggalake omahe Harga Pikukuh yen Lintang Katon durung mari. Banjur Ki Ageng mangkat menyang omahe Panembahan Pikukuh. Satekane kana lan kepethuk Lintang Katon. Mbuh kepiye carane Ki Ageng nambani Lintang Katon, akhire penyakit sing diduweni anak siji-sijine Panembahan Harga Pikukuh mari. Nanging ana pertapa sing budhine elek sing jenenge Ki Darjo sengit karo Ki Ageng amarga Ki Ageng wis nambani santhet sing dikirim kanggo Lintang Katon.


Ki Darjo ngrasa yen dheweke disaingi lan dheweke wis ditinggalake dening para warga amarga warga wis ora tau njaluk pitulungan marang Ki Darjo. Ki Darjo sambat amarga warga kene ora ngelingi biyen yen ana wong lara, para warga ing desa kene padha njaluk tulung karo Ki Darjo, nanging saiki warga wis nglalekake budhine Ki Darjo. Amarga sekti lan ngerti apa kerepe Ki Darjo kang elek, Ki Ageng banjur lunga tapa ing makam keramat sing biasane. Banjur Ki Ageng entuk wangsit yen kon ngawenake pitik sing diduweni karo pitik sing warnane ireng kabeh supaya bisa gawe tamba lara. Ing pertapane Ki Darjo, dheweke nduweni pikiran yen arep mateni Ki Ageng Makukuhan, banjur Ki Darjo ngirim lelembut kanggo nyerang lan mateni Ki Ageng Makukuhan. Ana ing pertapane Ki Ageng, lelembut kuwi mau banjur nyerang lan mateni Ki Ageng Makukuhan. Ki Darjo banjur lega atine amarga dheweke wis ora krasa disaingi meneh. Banjur Ki Darjo nyolong pitike Ki Ageng lan dikurung ana ing pertapane supaya ora bisa nilikki warga desa meneh.

Esuke muride Ki Ageng Makukuhan nalika nilikki makame ibune amarga arep ngirim donga, nemokake Ki Ageng Makukuhan ngglethak ana ing salah sijine pakuburan ing kono. Dheweke banjur ngerti yen Ki Ageng Makukuhan wis ora ana. Muride Ki Ageng sing jenenge Sela Amba banjur nggawa mayite Ki Ageng manggon ing omah sadurunge dikubur. Sawise tekan omah, banjur mayite Ki Ageng dikuburake ana ing pakuburan keramat. Ragane Ki Ageng mlebu ana ing pitik sing dicolong Ki Darja banjur ngilang lan ragane Ki Ageng nggawa pitik mau ing omahe. Ki Darja marani pitik ning omahe Sela Amba banjur pitik kuwi arep dijaluk peksa, nanging ditanggepi karo Sela Amba. Banjur ing kono Sela Amba perang karo Ki Darjo. Amarga Sela duwe kesaktian sing diwenehi Ki Ageng Makukuhan, dheweke menang nglawan Ki Darjo. Ki Darjo banjur mati.

Sawise perang uripe warga kampung tentrem amarga ora ana santhet saka Ki Darjo meneh. Sabubare kuwi Sela Amba entuk impen-impen saka Ki Ageng Makukuhan supaya ngawenake pitike karo pitik sing wernane ireng kabeh tanpa warna liyane. Banjur dheweke bali saka omahe Ki Ageng Makukuhan menyang kampung ing desane(Kedu) kanggo nyanggupi impen-impenene. Banjur pitik ireng sing diduweni Ki Ageng mau dikawenake karo pitik ireng biasa, nanging kasile malah dadi pitik sing warnane ireng total lan beda karo indhuke. Dadine Pitik Kedu warnane ireng , cangkeme putih. Nanging amarga saiki warnane ireng total terus dijenengi Pitik Cemani.
Banjur pitik sing warnane ireng senengane Ki Ageng Makukuhan didadekke lambang kesehatan ing dhaerah Kedu. Nalika Ki Ageng Makukuhan tinggal, banjur digawekake makam sing diajeni masyarakat Kedu. Wiwit cangkem, wulu, sikil, taji, nganti cengger wernane ireng kabeh. Yen disembelih dhaginge warnane ireng,semono uga balunge. Iki sing diarani Pitik Cemani sing asale saka Kedu Temanggung. Pitik ireng sing dijenengi pitik Kedu iki biasane digunakke kanggo upacara ritual. Misale upacara pelarungan, ruwatan, lan kanggo mbangun gedung utawa pabrik. Ora mung kuwi paedahee pitik cemani. Pitik cemani biasane digunakake kanggo syarat gawe ngobati wong lara. Yaiku kanggo ngobati lara kang aneh utawa lara jero. Kadhang kala uga kanggo ngobati lara sing disebabake santhet.

Comments
0 Comments

0 komentar:


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk http://4.bp.blogspot.com/-bC3cV4bd7RA/VNOs1wF9gYI/AAAAAAAAFFY/EXXJ682sI-A/s1600/Karikatur%2Bmurah%2BSemarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007