Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Jumat, Maret 07, 2014

SENDHANG PANGURIPAN


Ing jaman semana ana crita rakyat neng Kecamatan Majalaban, yaiku nggambarake kisahe wong sekti sing disenengi dening wong akeh lan bisa ndadekake desane maju. Neng jaman semana ana desa panggone ana ing sisih wetan Bengawan Solo. Neng desa kuwi ana wong sekti sing seneng kemakmuran, kedamaian, keamanan, lan ketentreman. Wong iku jenenge Kyai Konang. Kyai Konang uripe sarwo apa anane, yen ngatur keluargane mesthi ngutamakake ketentreman lan kedamaian, urip sederhana utawa yutun. Kabeh mau dilakoni amarga mantep lan percaya karo Gusti Allah. Kyai Konang pancen patuh karo ajaran agama.

Tingkah lakune lan pola pikire pancen padha karo sing diomongake marang wong liya. Contone: dheweke seneng mbantu wong sing susah, dheweke ora milih-milih yen nulungi wong lan ora tau mbedakake asale, keluarga, kanca utawa ora. Kyai Konang ora wegah ngajak kanca-kancane nyinaoni ajaran islam, menehi Da’ wah-Da’wah. Dheweke uga sregep tani kanggo nyukupi kebutuhane saben dinane. Amarga kuwi kabutuhan pangane ora tau kurang lan tangga-tanggane padha melu tani mula suwe-suwe pertaniane dadi mapan lan bisa nyukupi kebutuhane warga sadesa.

Amarga apikan Kyai Konang disenengi masyarakat, watake kang Ambeg Paramarta bisa ngurangi beban lan pendheritaane wong liya. Amarga nduweni watak Ambeg Paramarta mula akeh kanca lan akeh wong kang seneng marang dheweke. Apa meneh dheweke nduweni kesektian nambahi warga percaya ngangkat Kyai Konang dadi sesepuh desa lan dheweke bisa ngatasi perkara-perkara ana desa. Pra warga nyerahake kepercayaane marang Kyai Konang supaya desane bisa maju. Tanggung jawab kuwi mau ditampa kanthi seneng senadyan abot dheweke saka sithik menehi semangat marang para warga supaya ningkatake hasile anggone tani, ngembangake jenise tanduran, carane ngolah lemah lan liya-liyane. Kanthi ngajak, menehi penyuluhan, lan ora kesel nulungi masyarakat anggone ngolah lemah. Mula masyarakat nyebut desa kuwi desa Bekonang, amarga Kyai Konang gelem diangkat dadi wong tua ana desa karo dibarengi majune desa.

Ora suwe saka rencanane Kyai Konang, mula telung taun sabanjure katon majune pertanian ana desa, yaiku bisa kanggo nyukupi kebutuhan pangan para warga, bisa-bisa malah ngluwihi kebutuhan. Saben panen mesthi asile bisa didol kanggo di ijolake kebutuhan liyane, dadi ora tau kurang pangan lan ora tau ana ribut utawa padu. Sawise pertaniane para warga akeh kemajuane, mula Kyai Konang mbukak pasar gunane nampung asile pertanian para warga kanggo diijolake karo barang-barang liyane. Suwe-suwe desa Bekonang saya makmur. Apa sing dadi penginane Kyai Konang oleh dhukungan saka para warga. Kanthi nggunakake lahan sing ora ana isine mula ana panggon kanggo ngijolake barang-barang sing tetep. Panggon kuwi dadi salah sijine pasar sepisanan ana Bekonang. Suwe-suwe panggon kanggo ijol-ijolan barang kuwi dikenali lan ditekani wong akeh. Pasar kuwi saya suwe katon rame nganti pasar kuwi dijenengake  pasar Tiban. Dijenengake pasar Tiban amarga ndadekake para warga urip makmur.

Desa sing dipimpin dening Kyai Konang iki saya suwe tambah mapan para warga lan kahananan desane. Desa Bekonang maju ketambahan ana pasar lan liya-liyane. Kemajuane desa Bekonang sing di pimpin dening Kyai Konang gawe senenge para warga nanging ana warga liya sing ora seneng desa kuwi maju. Masyarakat desa Bekonang lan desa-desa liya akeh sing padha ngakoni keberhasilane lan ketangguhane Kyai Konang anggone mbangun desane. Nanging ora bisa diselaki rasa iri lan gething kuwi metu saka tokoh sekti jenenge Kyai Anggaspati.

Kyai Anggaspati yaiku wong sekti dhuweni anak buah akeh sing tangguh lan sekti, nanging Kyai Anggaspati kuwi klebu wong sing srakah, gampang emosinan, lan senenge menang dhewe. Krungu majune lan makmure desa Bekonang sing dipimpin dening Kyai Konang, Kyai Anggaspati nduweni niat elek kanggo njaluk dhaerah-dhaerah Bekonang dadi wilayahe. Apa sing dadi penjaluke dilakoni kanthi ati manthep lan diarepake tenanan. Karo ngenteni wektu sing pas Kyai Anggaspati nylidiki dhaerah Bekonang, maksude ngukur kekuatane Kyai Konang karo nylidiki desa Bekonang Kyai Anggaspati bisa ngingeti majune desa, kuwi ndadekake dheweke tambah saya gedhe niate nduweni desa kuwi.

Wektu Kyai Konang nganakake rembug desa karo wargane kanggo ngrembug pembangunane desa lan kesejahteraane warga desa. Utusan Kyai Anggaspati teka. Kyai konang karo warga desane nyambut apik tekane utusan Kyai Anggaspati karo anak buahe. Amarga kuwi Kyai Konang karo utusane Kyai Anggaspati ketemu ana desa Bekonang sing makmur iku.

Utusane Kyai Anggaspati ngomong, “aku mrene kuwi entuk utusan saka Kyai Anggaspati.”
“Lha utusane napa?“ pitakone Kyai Konang.
“Kyai Anggaspati njaluk desa Bekonang supaya dadi wilayahe,” kandhane utusane Kyai Konang.
“Aku ora bisa mangsuli amarga desa iki dudu duwekku nanging duweke warga. Dadi sampean takon marang warga langsung desa entuk apa ora?” wangsulane Kyai Konang.
Krungu kabar kuwi warga desa ora trima.
“Pokoke ora bakal desa iki diwenehake,” bengoke para warga.
Kyai Konang njelaske marang utusane Kyai Anggaspati maneh alesane kenapa warga ora ana sing setuju.

“Sampean lan kabeh wis padha krungu kabeh apa jawabane warga desa, mula kuwi sampean ngerti tho warga kene ora bisa apa sing dadi penjaluke Kyai Anggespati. Mula warga kene kabeh njaluk tulung jawabane kuwi tulung disampekake lan salamku dening Kyai Anggaspati.”
Nalika utusane Kyai Anggaspati krungu wangsulane para warga lan keterangane Kyai Konang, malah tambah nesu. Nanging dheweke tetep meneng amarga ana Kyai Konang. Utusan Kyai Anggaspati banjur pamitan ninggalake desa Bekonang.

Anane kedadean kuwi Kyai Konang lan warga Bekonang wis padha mikir bakal ana kedadean sing elek, paling ora Kyai Konang entuk anceman saka Kyai Anggaspati. Kabeh wis padha ngrasa amarga Kyai Anggaspati kuwi wong sing duwe panjalukan sing keras lan jiwane srakah. Bener apa sing diwedeni warga Bekonang. Sawise pirang-pirang dina Kyai Anggespati teka karo anak buahe nggoleki Kyai Konang. Ora gampang dheweke nggoleki Kyai Konang amarga saben wong saka bocah cilik nganti wong tua mesthi ngerti omahe. Sabanjure kyai Anggespati teka  ana omahe Kyai Konang. Kyai Anggespati lan anak buahe ditampa apik Kyai Konang. Ana pertemuan kuwi Kyai Anggespati ngomong kepengin njaluk desa Bekonang supaya dadi duweke.

Kadadean mau malah ndadekake ribut sing ora bisa dirampungake kanthi kekeluargaan. Wong loro malah padu nggunakake kanuragan, loro-lorone ngetokake kemampuane, nanging padha-padha ora ana sing menang. Suwe-suwe malah kepingin padha-padha ana salah sijine sing menang. Kyai Anggaspati banjur ngetokake gamane kapak gedhe kanggo ngremuk Kyai Konang, nanging amarga Kyai Konang pinter mula kapak Kyai Anggaspati ora ana artine. Suwe-suwe Kyai Anggespati anyel lan nesu mula dheweke nglawan nggunakake kekuatan angin sing deres, nanging tetep wae ora bisa ngalahake Kyai Konang. Padha wae karo serangane Kyai Konang tetep wae ora bisa ngalahake Kyai Anggaspati. Pertarungan kuwi mau suwe-suwe Kyai Anggaspati kedhesek. Wektu kedhesek lan awake ora kuat meneh lan ameh ora duwe daya, Kyai Anggaspati mlayu ana sendhang nglangi ana jero banyu. Sawise metu saka sendhang dheweke giras lan seger meneh mula dheweke banjur nglawan Kyai Konang meneh.

Kedadean kuwi gawe penasarane Kyai Konang, Kyai Konang banjur gentian kepengin ngalahake Kyai Anggaspati, Kyai Konang bingung kanthi cara apa bisa ngalahake Kyai Anggespati? Loro-lorone padha ngetokake kemampuane nanging loro-lorone ora ana sing menang. Nanging kanthi watak kesatriane loro-lorone ngakoni kemampuane. Amarga kuwi Kyai Anggespati ora bisa meksa kepengin nduweni desa Bekonang. Banjur wong sekti loro kuwi lunga ninggalake panggon sing dinggo perang mau.

Ana kedadean kuwi mau ana babagan sing apik saben wong sing ngerti perang antarane Kyai Konang lan Kyai Anggaspati lan dadi apikan, yaiku anane sendhang sing kapan wae Kyai Anggespati kalah mula njegur ana njero sendang , sawise metu saka babyu iku dadi mari lan kuat meneh, Kyai Konang lan para warga nyebut sendhang kuwi “Sendang Panguripan.” Sendhang kuwi panggone ana ing desa Demakan. Nganti saiki jeneng sendhang iki isih dikenali dening para warga. Banyu Sendhang Panguripan nganti saiki isih dikenal para warga, saka critane, lan gunane banyu Sendang Panguripan iki isih tetep ana ing kauripan para warga Desa Demakan.



Comments
1 Comments

1 komentar:

Unknown on 20 Desember 2015 pukul 11.32 mengatakan...

Perkenalkan, saya dari tim kumpulbagi. Saya ingin tau, apakah kiranya anda berencana untuk mengoleksi files menggunakan hosting yang baru?
Jika ya, silahkan kunjungi website ini www.kumpulbagi.com untuk info selengkapnya.

Di sana anda bisa dengan bebas share dan mendowload foto-foto keluarga dan trip, music, video, filem dll dalam jumlah dan waktu yang tidak terbatas, setelah registrasi terlebih dahulu. Gratis :)


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk http://4.bp.blogspot.com/-bC3cV4bd7RA/VNOs1wF9gYI/AAAAAAAAFFY/EXXJ682sI-A/s1600/Karikatur%2Bmurah%2BSemarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007