Kutha Rembang manggon ana ing tlatah tanah Jawa sisih wetan. Sisih lor wewatesan karo samodra jawa, sisih kidul wewatesan karo Kabupaten Blora, sisih kulon wewatesan karo kabupaten Pati, lan sisih wetan wewatesan karo kabupaten Tuban. Kanthi panggonan kang strategis kuwi mula akeh wong manca kang teka neng tanah jawa kususe neng Kabupaten Rembang saperlu pengin dagang utawa golek tanduran-tanduran kang larang regane yen didol ing negara asale. Miturut crita udakara ing taun 1336 Saka, ana wong wolu sing asale saka Campa Banjar mlati teka neng tanah Jawa.
Wong campa kuwi nduweni kaluwihan bisa gawe gula tebu. Wong Campa teka neng tanah Jawa mung kanggo gawe gula tebu amarga ing negarane wis akeh seng gawe. Wong- wong kuwi teka neng tanah Jawa ngliwati segara mengulon nganti tekan neng kali sing kiwa-tengene akeh wit Toktene (Bakau). Anggone teka neng tanah Jawa, wong Campa kuwi dipandhegani Pow Ie Din sing minangka dadi ketuane pelayaran. Bareng ngerti yen ing tanah Jawa akeh tanduran tebu wong Campa kuwi padha bungah amarga apa kang wis dilakoni kabeh ora muspra, apa kang digoleki wis ketemu, yakuwi tanduran Tebu.
Wong-wong campa kuwi gawe omah/gudhang kanggo nyimpen tebu-tebu kang wis dibabat. Omah/gudhang digawe ana ing sisih kiwa tengene pategalan kang ana tandurane tebu, supaya anggone mbabat tebu ora kadohan saka gudhang. Saben wayah isuk Pow le din kang mandhegani pelayaran kuwi mrentah kanca-kancane kanggo nyiapake ubarampe kang arep di anggo mbabat tebu.
Tebu- tebu kang wis dibabat banjur disimpen ing gudhang-gudhang kang wis dicepakake. Tebu-tebu kang wis disimpen ing gudhang yen wis akeh banjur diolah kanthi cara tradisional supaya dadi gula tebu. Gula tebu kang wis diasilake kuwi banjur digawa neng negara asale yakuwi negara Campa.
Kanggo mujudake rasa sukur marang gusti, lan supaya anggone mbabat tebu ora ana alangan mula dianakake donga lan semedi bareng sadurunge mbabat tebu. Pategalan kang wit tebune wis dibabat mau banjur didadekake pomahan/pemukiman sing saiki kawentar kanthi jengen Kabongan, sing jenenge dijipuk saka tembung tokte/ bakau Ka-Bonga-an (kabongan) sing panggonane ana ing sisih kulon kutha Rembang.
Ing sawijining dina, nalika pajar ing sasi Waisaka wong-wong padha miwiti “ngrembang”/mbabat tebu. Sadurunge mbabat tebu diwiwiti, kudu dianakake upacara suci lan semedi bareng nyenyuwun maring Gusti supaya anggone mbabat/ngrembang tebu ora ana bebaya. Upacara mbabat tebu kuwi diarani Ngrembang sekawit. Saka ukara Ngrembang kuwi banjur didadekake kanggo cikal bakal Kkutha Rembang kang mapan ana ing pesisir sisih wetan tanah Jawa. Miturut crita para sepuh upacara ngrembang sekawit dianankake ing dina rebo legi , minggu kasada sasi waisaka, taun saka 1337 kanthi candra sengkala Sabda Tiga wedha Isyara.