Sawijine dina para wali padha kumpul, ngrembug babagan Bintara. Para Wali pikantuk ijin saka Prabu Brawijaya ngedekake masjid kanggo solat jamaah. Mula saka kuwi, para Wali diwajibake nyumbang saka guru siji-siji lan ora luput para ulama lan mukmin. Ujare uga diwajibake saka rawa, blandar, pengeret, tumpang lan tugelan kayu liyane. Sakliyane iku sing ora kalah penting yaiku bandha lan tenaga.
Entuk dhawuh sing kaya mangkono Kanjeng Sunan Kalijaga budhal sajroning alas gedhe, golek kayu jati kanggo saka guru. Anggone budhal Kanjeng Sunan Kalijaga ngajak murid kinasih kang peparab Jaka Supa. Sajroning golek kayu ing tengahe alas, Kanjeng Sunan Kallijaga lan muride (Supa) kepethuk kaliyan Dewi Rasawulan kang lagi tapa ngidang. Rasawulan sabenere isih kadhang enom karo Kanjeng Sunan Kalijaga. Pungkasane Dewi Rasawulan jodhokake kalawan Jaka Supa. Jaka Supa iku putra Tumenggung Supadriya, Bupati Wedhana. Bupati Supadriya empuning sanjata perang ing Negara Majapahit. Supa saben dinane melu biyantu gawe sanjata keris.
Nalika empu Supa lagi gawe sanjata, Kanjeng Sunan Kalijaga teka kanthi uluk salam gawe kageting Empu Supa.
“Mangga Jeng Sunan, kok janur gunung, wonten prelu menapa?” ucape Empu Supa.
“Supa tekaku mrene arep ngrepoti kowe. Aku pengen digawekake keris coten-sembelih ( pusaka kanggo nyembelih wedhus utawa kebo ). Malah iki wis tak gawakake pisan wesi kanggo pusakane.”ujare Kanjeng Sunan.
Empu Supa kaget bareng ngerteni wesi sing digawa Kanjeng Sunan Kalijaga. Banjur dheweke ngucap “Jeng Sunan menapa leres ingkang paduka beta, kok wesinipun among sak klungsu agengipun. Menapa saged damel keris Jeng Sunan?”
“ Empu Supa, sanajan among sak klungsu gedhene nanging bobote ngungkuli abote watu gedhe kae, yen ora percaya coba angkata!”ngendikane Jeng Sunan.
Kanthi semu ora percaya empu Supa ngangkat wesi sing sak klungsugedhene mau.
“ Leres Jeng Sunan, jebul wesi menika kalangkung abot katimbang sela menika. Jeng Sunan menapa wesi menika saged damel duwung, karana wujudipun amungsak klungsu agengipun.”ucape empu Supa.
“Nak kira-kira wesi iki gedhene sak gunung apa bisa kanggo gawe keris kuwi Supa?” wangsulane Jeng Sunan.
Tanpa dinyana wesi sing sak klungsu mau dadi sak gunung gedhene.
“Jeng Sunan, menawi wesi menika wujudipun sak gunung pripun anggen kula mande mangke Jeng Sunan?” ujare empu Supa.
Karana ucapan Jeng Sunan wesi sing sak gunung mau malih dadi wujud sing asli.
Wesi sing diwenehaka Jeng Sunan mau wiwit dipande dening Empu Supa. Karana lantipe Supa, ora suwe wesi mau wis dadi wujud keris kang elok endahe. Banget gumun penggalihe Jeng Sunan karana keris mau ora kaya kang diangen-ange. Keris wujud keris Jawa (Majapahit) kang duweni luk telulas. Suwe Jeng Sunan olehe namatake keris mau. Banjur Jeng Sunan ngendika.
”Supa, keris iki ora pantes yen dienggo nyembelih wedhus utawa kebo. Keris iki pantese digunakake para santri lan ratu sing nguwasani nusantara iki. Supa, keris iki takwenehi tetenger Sangkelat.”
Rumangsa keris mau kalangkung peni, Jeng Sunan Kalijaga bali nggawa wesi sing gedhenesak miri. Sakwise dipande empu Supa, akire wesi mau dadi keris sing memper pedhang suduk ( golok utawa belathi ). Ngerteni yen keris sing dikarepake dadi, Jeng Sunan rumangsa bombong manahe. Keris mau diwenehi jeneng Crubuk.
Sugeng Rawuh
Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun
Browse » Home »
Cerita Rakyat
» KERIS SANGKELAT LAN CRUBUK
Kamis, Oktober 07, 2010
KERIS SANGKELAT LAN CRUBUK
0 Comments
Langganan:
Posting Komentar (Atom)