Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Kamis, Desember 11, 2008

Bathara Brahma nurunake raja-raja ing arcapada




brahma_solo
Bathara Brahma utawa Sanghyang Brahma iku putrane Sanghyang Manikmaya kang nomer loro. Bhatara Brahma lair saka prameswari Dewi Umayi.
Bathara Brahma uga sinebut Bathara Brama. Dene tembung brahma iku ateges geni, panas, pandhita lan saka sabranging samodra.


Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Brahma duwe sisihan telu, yaiku Dewi Suci, Dewi Sarasyati lan Dewi Rarasyati utawa Dewi Raraswati.
Saka Dewi Suci, Sanghyang Brahma peputra loro, yaiku Bathara Maricibrama lan Bathara Naradabrama. Saka Dewi Sarasyati peputra cacah lima, yaiku Bathara Bramanasa, Bathara Bramasadewa, Bathara Bramanasadara, Bathara Bramarakanda lan Bathara Bramanaresi.
Lan saka Dewi Rarasyati, Bathara Brahma peputra cacah patbelas, yaiku Dewi Bramani, Dewi Bramanisri, Bathara Bramaniskala, Bathara Bramanayara, Dewi Bramanasita, Dewi Bramaniyari, Dewi Bramaniyodi, Bathara Bramanayana, Bathara Bramaniyata, Bathara Bramanasatama, Dewi Bramanayekti, Dewi Bramaniyuta, Dewi Dresanala lan Dewi Dresawati.
Kanthi mangkono, saka sisihan cacah telu iku Bathara Brahma peputra cacah selikur, patbelas lanang lan pitu wadon. Bathara Brahma iku dewaning geni. Yen katemben triwikrama, Bathara Brahma bisa ngatonake perbawa geni.

Bathara Brahma kerep diutus supaya paring bebana marang sapa wae kang nuduhake lan ngatonake labuh labet ing urip lan panguripane.
Saka putrane kang aran Bathara Brahmanaraja kang palakrama kalawan Dewi Srihuna, putrane putri Dewi Wisnu, nurunake raja-raja ing Arcapada, antarane nurunake Pariknan nganti tekan para Pandhawa.

Putrane putri Bathara Brahma kang aran Dewi Bramanisri kang dipasrahake marang Garuda Brihawan, putrane Dewi Winata, sabanjure nurunake Bribrahma.
Bribrahma nurunake Resi Winata. Resi Winata nurunake Kiswabriswa lan Kiswabriswa nurunake Briswawa. Briswawa peputra cacah papat kang kabeh awujud manuk garudha, yaiku Garudha Harna, Garudha Briawan, Garudha Sampati lan Garudha Jatayu.
Dewi Brahmaniyuta utawa Bramaniyuta palakrama kalawan Srinanda, putrane Sanghyang Wisnu. Srinanda banjur jumeneng nata ing nagara Wirata lan jejuluk Prabu Basurata. Kanthi mangkono, Dewi Brahmaniyuta iku kang nurunake raja-raja ing nagara Wirata.
Manggalayuda

Putrane putri Sanghyang Brahma kang aran Dewi Dresanala palakrama kalawan Arjuna, putrane Pandhu, lan nurunake Bambang Wisanggeni. Saka kanyatan iki cetha yen Bathara Brahma mujudake dewa kang anak turune nyebar ing Arcapada, wiwit nagara Lokapala, Maespati, Alengka, Wirata lan Astina.

Dene Dewi Bramani utawa Dewi Bremani kang dipasrahake marang Prabu Banjaranjali, raja ing Alengka, sabanjure nurunake para raseksa nganti tekan Rahwana utawa Prabu Dasamuka.
Amarga putrane Bathara Brahma akeh cacahe, wusanane dumadi sesambungan antarane siji lan sijine saengga saprotelon wayang tansah ana gandheng cenenge kalawan anak turune Sanghyang Brahma.

Bathara Brahma uga antuk hak dipuja dening manungsa kang nganut agama Hindu Brahma. Nalika diprentahake mudhun ing Arcapada utawa ngejawantah, Bathara Brahma jejuluk Maharaja Sunda utawa Rajapati kang ngedhaton ing nagara Medhanggili.
Bathara Brahma dibiyantu patih aran Resi Dyasta lan Resi Kulamba utawa Resi Kusyamba. Kalorone putrane Bathara Citragotra.

Watake Bathara Brahma iku sawijining manggalayuda perang kang pinunjul. Amarga iku dheweke antuk kalungguhan minangka senapati prajurit Suralaya utawa Kadewatan. Dene wandane Bathara Brahma yaiku Kontap.

Ing lakon Kangsa Lena, Bathara Brahma paring kanugrahan pusaka awujud tombak geni aran Nenggala lan Alugara marang Raden Kakrasana utawa Prabu Baladewa.
Peparing kanugrahan pusaka kasebut amarga Kakrasana wus nuduhake labuh labet marang para dewa saengga sinebut Baladewa. 

Labuh labete Kakrasana marang para dewa iku nalika kedadeyan raja raseksa saka Renggabumi, kang aran Prabu Nagaprasanta, ngrabasa kayangan. ::pra::

Comments
0 Comments

0 komentar:


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhiBJvohruQS784wGvMv4dbOyb6BAV_R0leNGiTrYmRSvdJDwoTkJNwq5V1UOutt9yCy_U_MuOzpKYrBPdD8fWBMHMuE-oeP5UBgmbiavmFiniMv-Ig_vHDLKS2U0r5I5sP6unumgicOGaK/s1600/Karikatur+murah+Semarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007