Manut cerita rakyat ing Purbalingga, Gua Lawa kuwi nduweni asal-asul sing ana hubungane karo jeneng Siwarak. Wektu agama islam lagi wiwit berkembang ing tlatah Jawa, ana mubaligh sing teka ing Banyumas. Mubaligh sing teka ing Banyumas ana loro yaiku Akhmad lan Muhamad. Wong loro mau nduweni abdi loro yaiku Bangas lan Bangis, lorone kakang adi. Sajerone nyebarake agama islam wong papat mau nduweni alangan sing gedhe banget jalaran ditentang karo kerajaan Majapahit.
Majapahit nduweni panglima sing ditugasake kanggo mbendung perkembangan agama islam yaiku Ki Sutaraga. Akhmad lan Muhamad kepeksa ngindhari kekuatane Ki Sutaraga yaiku mlayu ngindhari wong mau. Naging ing tengah dalan ora nyangka nemu guwa. Guwa iki jenenge Gua Lawa, neng jero guwa wong loro ngaso lan nyuwun karo Gusti muga-muga diparingi keslametan banjur bisa nyebarake agama Islam. Ana ing sepining wengi wong kuwi mau oleh ilham utawa wangsit. Akhmad lan Muhamad kudu ganti jeneng yen kepengin slamet, banjur Akhmad lan Muhamad ganti jeneng dadi Taruna Lan Taruni. Sawise ganti jeneng wong loro mau metu saka guwa. Durung suwe anggone mlaku wong loro mau kepethuk wong gedhe dhuwur sing ora liya yaiku Ki Sutaraga, senopati Majapahit. Nalika ditakoni karo Ki Sutaraga apa wong loro kuwi weruh Akhmad lan Muhamad, langsung mangsuli, ”Wis ora tau weruh jalararan wong loro kuwi wis rong dina kepungkur dicakar macan banjur dipangan.” Ki Sutaraga lansung percaya karo omonge Taruna lan Taruni jalaran Ki Sutaraga urung tau weruh Akhmad lan Muhamad. Ki Sutaraga banjur aweh kabar marang anak buahe yen Akhmad lan Muhamad wis mati di pangan macan, pasukan Majapahit surak-surak bungah banget. “Akhmad lan Muhamad mati, Akhmad lan Muhamad mati,” bengoke prajurit Majapahit. Nanging wong sing dikira mati yaiku Akhmad lan Muhamad sebenere urung mati saiki bisa lunga kanthi ayem lan tentrem jalaran ora ana sing kenal. Akhmad lan Muhamad langsung ninggalake panggonan kuwi banjur mlaku ngalor, kanggo nglanjutake anggone nyebarake agama islam. Gegere pasukan Majapahit jalaran seneng Akhmad lan Muhamad mati banjur tekan kupinge Bangas lan Bangis, abdi setiane Akhmad lan Muhamad. Bangas lan Bangis ora trima yen kyaine mati. Banjur Bangas lan Bangis kepengin nuntut wales banjur nemoni Ki Sutaraga, Senopati Majapahit sing sakti mandra Guna. Karo nesu wong loro nantang Ki Sutaraga perang nanging Ki Sutaraga ora nggubris omonge Bangas lan Bangis. Tumindake Ki Sutaraga nggawe Bangas lan Bangis tambah nesu lan penasaran. Karo nesu Bangas lan Bangis langsung nyerang Ki Sutaraga. Ki Sutaraga banjur malang kadek karo ngomong, “He Bangas lan Bangis! kowe wong loro iku menungsa sing ora ngerti mbalas budi, tumindakmu kaya kewan.” Karo kesaktiane Ki Sutaraga, dumandakan wong loro mau malih dadi kewan warak. Prajurite sumbar,“Raksakake kowe Bangas lan Bangis.” Sawise wong loro kuwi malih rupa, Ki Sutaraga ngomongi prajurite, ”Prajuritku rungokake lan sekseni, wong loro mau kuwalat karo kelakuane dhewe,mula kanggo pengeling-eling kowe kabeh, yen alas iki dadi desa. Desa iki tak jeneni desa SIWARAK.”
Sugeng Rawuh
Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun
Selasa, Maret 09, 2010
DUMADINE DESA SIWARAK
0 Comments
Langganan:
Posting Komentar (Atom)