(Zaitun)
Dongeng saking kedu Jumprit yaiku panggonan kang dianggep kramat kanggone uwong sing ana ing daerah Temanggung lan sekitare. jumprit iki ana ing sisih kulon kutha Temanggung. Miturut wong-wong sekitar kono, Jumprit iki dadi panggon uripe Kyai Nujum Majapahit nganti sedane lan dimakamke ana kana uga.
Ana jumprit iki akeh kewan-kewan kang padha urip ana kana. Jumprit iki uga dadi panggonan utawa petilasane Kyai Nujum Majapahit. Kyai Nujum Majapahit iki gawe panutan marang wong-wong kang ana ing sekitar kana. Petilasan lan urip kang dilakoni Kyai Nujum Majapahit iki di tiru karo wong-wong kang ana ing sekitar kana. Awite petilasan Kyai Nujum Mjapahit kui dianggep bisa gawe sugih utawa bisa kanggo golek berkah kanthi semedi ana kana. Sakdurunge semedi, Kyai Nujum Majapahit adus ana ing tok kang ana ing kali progo cedak petilasane kui.
Ana ing sawijining dina, Kyai Nujum Majapahit kang digawe panutan marang wong-wong sekitar kana seda lan dimakamke ana ing kana uga. Wong-wong pada bingung amarga wis ora ana kang bisa dipanuti kanggo golek berkah, mula wong-wong kana pada bingung kepiye carane ben panggonan kuwi tetep bisa digawe panggonan kang bisa dinggo golek berkah. Mula wong-wong kui padha gawe gapuro kanggo dalan mlebu ana guwo utawa makam petilasan, lan gapuro kuwi bisa kanggo tandha anane berkah ana ing makam kui kanggone wong-wong kang durung ngerti panggonan kuwi mau.
Nganti tekan sakiki panggonan kuwi tetep dinggo golek berkah marang uwong kang padha percaya utawa yakin marang crita Kyai Nujum Majapahit kui. Wong-wong padha moro lan nglakoni padha karo sing dilakoni marang Kyai Nujum Majapahit. Sakdurunge semedi ana gua utawa makam, wong-wong pada kungkum ana ing tok kali progo (umbul Jumptrit) sing ana ing lokasi kana. Banyune bening lan di yakini bisa kanggo tamba uwong kang duwe mala. Akeh uwong kang pada jupuk banyu kuwi kanggo nambani sedulur-sedulure kang ora duwe dhuwit kanggo tuku tamba.