Kacarita nalika semana sinuwun prabu ing Pengging tindak menyang wewangkon kabupaten Banyumas. Nalika semana kabupaten Banyumas isih dumunung ana ing Wirasaba, lan Bupatine Raden Tumenggung Rahutomo.Bupati Wirasaba(Banyumas) kagungan putri kang ayu rupane asmane Raden Rara Sukatinah. Sajatine mono Raden Rara Sukartinah wis nate dadi mantune Demang Toyareka, ananging durung nganti atut, durung nganti kelakon sare bareng karo kakunge awit pancen ora seneng. Raden Rara Sukartinah resmi dadi randha nanging sanajan randha nanging randha kembang. Senajan wis randha nanging isih suci marga durung nate kembul (becik). Dhek semana Raden Rara Sukartinah lagi mekar – mekare ibarat kembang, mula akeh para remaja kang padha kasmaran.
kacarita ingkang Sinuwun prabu ing Pengging nalika tindak nitih persa ing Wirasaba, nalika lenggah ana ing pendhapa kabupaten, kang leladi unjukan lan dhaharan kagem sinuwun iku Raden Rara Sukartinah. Sinuwun mersani Raden Rara Sukartinah, banjur tumungkul marga lingsem.
Inggaling carita ingkang sinuwun sakrampunge ngaso sawatara ana ing pendhapa kabupaten, nuli banjur pamitan kundur kanthi kadherekake Bupati Wirasaba tekan ngajengan pendhapa. Ing kana sinuwun dhawuh marang Raden Tumenggung Rahutomo supaya sowan menyang marang Pengging, lan aja lali putrine kudu diajak.
Temenan, kira – kara samadya Candra kundure sinuwun saka Wirasaba Raden Tumenggung Rahutama lan putrine dijak sowan menyang ing Pengging. Cekake bareng tindakke Raden Tumenggung Rahutama ing Pengging terus nancang jarane ana ing wit wringin cedhak alun – alun. Sabanjure Raden Tumenggung Rahutama lan putrine banjur ngadhep sowan sinuwun prabu ana ing pendhapa lan ditampa kanthi becik.
Maratuwane Raden Rara Sukartinah, Ki Demang Toyareka ngerti menawa ingkang Sinuwun ngersakake tilas mantune, atine Ki Demang panas, lan kepingin males gawe wirang supaya anak mantune ora sida kelakon dadi garwane Sinuwun.
Mula ki demang inggal nututi lakune Bupati Wirasaba lan mantune, lan bareng wis tekan ing alun – alun pengging Ki Demang banjur leren, sesinggidan ngenteni Bupati Wirasaba metu saka keraton Pengging. Cekake ki Demang nunggu besane metu karo nata atine mengko menawa ngadhep Sinuwun.
Raden Tumenggung Rahutama ngadhep Sinuwun. Sinuwun tresna karo putrine Bupati Wirasaba lan karsa kapundhut garwa ampil (selir). Raden Tumenggung Rahutama mung matur ndherek karsanipu sinuwun. Mula bareng wis cetha apa kang dikersakake dening sinuwun bupati wirasaba banjur nyuwun pamit medal pasialan. Dene putrine Raden Rara Sukartinah katinggal keri ana ing kearton Pengging. Marga putri dikersakake dados garwa ampil (selir).
Kacarita Ki Demang Toyareka bareng ngerti menawa Raden Tumenggung Rahutama wis metu saka kraton, Ki Demang inggal ngadhep Sinuwun, lan matur menawa Raden Rara Sukartinah kuwi sejatine wis ora prawan lan wis randha marga tilas mantune Ki Demang Toyareka. Sinuwun bareng midhanget ature Ki Demang sakala banjur duka yayah sinipi, lan tanpa dipenggalih luwih dhisik banjur utusan salah sawijining tumenggung kinen ngoyak lakune Bupati Wirasaba, lan yen wis ketututan inggal perjayanen. Amarga saru ing ngatase anake wis randha kok di aturake menyang ngersane Sinuwun.
Ananging bareng wis utusan tumenggung kinemerjaya Raden Tumenggung Rahutama, sinuwun dhawuh marang garwa permaisuri supaya niti persa kahanane Raden Rara Sukartinah, apa bener wis randha apa pancen isih prawan suci. Jebule Raden Rara Sukartinah isih suci marga durung nate sare kumpul karo kakunge.
Sinuwun bareng midhanget ature garwa permaisuri kedhuwung panggalihe, inggal utusan tumenggung sijine supaya nututi tumeggung kang diutus luwih dhisik supaya anggone meraya Bupati Wirasaba diurungake. Mula lakune tumenggung utusan kang kaping pindho anggone nitih kuda di rikatake supaya inggal bisa nututi utusan kang dhisik.
Bareng utusan kaping pindho wis meh bisa nututi playune jaran digetakake meneh supaya bisa nututi. Wektu samono Raden Tumenggung Rahutama Bupati Wirasaba lagi ngaso ana ing pesanggrahan bale malang kang ana ing desa Bener Lowano kabupaten Purworejo. Ing kana bupati eirasaba sapendhereke lagi padha dhahar kanthi lawuhe iwak banyak, lan dinane wektu iku kebener dina sabtu pahing. Utusan tumenggung kang dhisik kang kautus merjaya Bupati Wirasaba nalika diceluk dening utusan mburine kanthi tangane menehi isarat supaya di urungake nanging panampane dikira cepet – cepet diperjaya, mula bareng tekan pasanggrahan weruh kudha di cancang pirang – pirang pandhugane mesti Bupati Wirasaba ana kene. Temenan, baeng utusan kang sepisan lumebu, ngerti menawa Bupati Wirasaba lagi dhahar, mula di tubles saka mburi, kang wusanane tiba karo sesambat. Nanging utusan kaping pindho uga inggal lumebu lan kaget bareng ngerti menawa Bupati Wirasaba wis adus getih marga kecubles nganggo keris saka mburi. Mula utusan kang keri banjur maido marang utusan kang dhisik, utusan kang dhisik uga ora gelem disalahake marga weruh tangane utusan kang keri kumlawe diarani kon cepet.
Wektu iku Raden Tumenggung Rahutama isih bisa ngendika mula sadurunge seda isih bisa paring wewaler marang putra wayah, sarta menging utusan supaya aja padha paido – paidonan, amarga kabeh ora salah lan kabeh ngemban dhawuhe gusti. Raden Tumenggung Rahutama uga paring wawelar marang putra wayah yokuwi kabeh anak putuku tedah banyumas poma dipoma aja nganti lelungan dina septu pahing, kejaba iku ora kena gawe omah awujud bale malang, ora kena dhahar iwakbanyak, ora kena nunggang jaran dhawuk pancal panggung lanora kena nganggo jarit parang rusak barong. Sapa sing nerak wawelar kasebut bakal nemoni apes. Barang wis rampung paring piweling banjur seda. Mayite digawa bali ing wirasaba lan disareake ing pasareyan gumalem. Utusan loro mau banjur mulih. Dene raden rara sukartinah banjur sida dadi garwane sinuwun. Lan paweling iku nganti saiki isih dipecaya karo masyarakat kono.