Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Kamis, Juni 05, 2008

WATU GODEG

Watu godeg, ngono masyarakat Desa Tawangsari Kecamatan Tretep Kabupaten Temanggung menehi jeneng watu sing kaanggep keramat. Ing desa Tawangsari iki akeh petilasan jaman perang Diponegoro sakawit ngendikane para sesepuh desa iki mapan ing pereng gunung Prau, adoh saka kutha, didadekake papan pengumprtan prajurit kanggo nyusun kekuwatan perang nglawan penjajah walanda. Ing papan kono uga ana curug sing banyune ajeg ora nate asad, diduga biyen minangka sumber banyu pangiripan laskar-laskare Kyai Suradipo. Mula kawasan iki saiki dadi obyek wisata Curug Surodipo utawa Curuk Trocoh(terus mili) sing wis karintis pangembangane dening dinas Pariwisata kabupaten Temanggung.



Petilasan arupa watu altar ing kompleks Curuk Surodipo sing kusebut watu Godek iki manut ceritane, biyen papane Kyai Surodipo ngobati para prajurit andhahane sing nandhang lara utawa kena gegaman sajroning paperangan. Ora mung andhahane wae sing ditambani, nanging kabeh masyarakat sing mara mertamba uga ditambani. Sinambi ngusadani wong lara, kyai Suradipo kang uga panglima perang kuwi uga nyiarake agama islam kanggo nguwatake iman warganing masyarakat sing lagi dikuwasani penjajah.
Nganti tekan saiki Watu Godeg isih dipercaya duwe daya magis, ana misteri alam gaib sing ora bisa kawiyak. Upamane kadhang-kadhang isih keprungu swara wong tabuhan lesung (jaman biyen wong nutu pari ing lesung), swara rame-rame kaya pating slerang prajurit perang, lan kadhangkala ana cahya cumlorot saka langit tumuju nyang sakiwa tengene watu Godek. Apa kuwi halusinasi , nanging kok ora mung wong siji loro sing ngerti lan weruh dhewe.
Klebu wektu kapungkur sajroning setengah sasi ana piring terbang sing mabur ngubengi bukti-bukit Gunung Prau ing wayah ngarepake maghrib. Wewujudan bunder ceper kaya piring nanging mawa cahya iku yen wis mabur mubeng banjur mingslep ing kawasan petilasane Surodipo. Uwal saka bab-bab kang asipat metafisika mau, curug surodipo utawa curug trocoh pancen nyimpen kaendahan alam kang pinujul.

Comments
0 Comments

0 komentar:


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk http://4.bp.blogspot.com/-bC3cV4bd7RA/VNOs1wF9gYI/AAAAAAAAFFY/EXXJ682sI-A/s1600/Karikatur%2Bmurah%2BSemarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007