Wektu iku, ana ing desa cilik jaman dhisik ing kana kuwi mau ana gadhis ayu sing pinter nyulam. Pas dheweke lagi nyulam ujug-ujug benange sing werna abang kuwi tiba terus ilang, ngantek gadhis iku nganakake sayembara sing isine : ”sapa sing bisa nemokake benangku sing werna abang kuwi mau, ne lanang tak dadekke bojoku, tapi ne wadon tak dadekeke sedulurku”. Wektu iku ujug-ujug benange sing werna abang kuwi mau ditemu kewan lan diterke nang kamare gadhis kuwi mau, kewan iku jebule kirik. Sak nalika kirik kuwi mau dadi bojone gadhis kuwi, lan bebojoan karo kewan kuwi entuk anak lanang siji. Anak iku dijenengi sangkuriang.
Awan-awan sangkuriang mau berburu nang hutan karo pembantune ibune. Dheweke ora entuk jeroan sing dipeseni saka omah. Dheweke kapaksa mateni kirik kuwi mau lan jeroane di jupuk di wenwhke ibune, tekan ngomah dimasak terus di pangan bareng-bareng. Ibune kaget bareng ngerti sing dipangan kui mau jebule jeroane bapake dhewe. Lan anake tego mateni bapake dhewe. Sangkuriang lunga saka ngomah lan dhweweke lungo sinau ilmu kanuragan. Sakwuse wis bisa, sangkuriang balik ning desane lan ketemu karo ibune mau, lan dheweke nyenengi ibune dhewe amarga sangkuriang ora percaya yen kuwi ibune, amargo ibune isih enom lan ayu amargo mangan jeroan kirik kuwi mau. Sangkuriang ngajak nikah karo ibune. Supaya bisa nikah sarate sangkuriang kudu mbentuk kali dadi danau sing gedhe lan kapal sing gedhe lan mewah supaya dhewekw bisa berlayar ngubengi danau mau sak wuse nikah mengko. Gawene kuwi kudu lebar wektu sewengi, jebule sangkuriang ora bisa nglebarke kabeh kuwi kanthi wektu sewengi. Dadi pernikahan karo ibune gagal. Lan kali kui sakiki dadi danau sing gedhe.
Sugeng Rawuh
Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun
Browse » Home »
Cerita Rakyat
» SANGKURIANG
Kamis, Juni 05, 2008
SANGKURIANG
0 Comments
Langganan:
Posting Komentar (Atom)