Mbiyen jangkar tuwa sing nancep gagah neng TAman Ria Pantai Kartini kuwi jangkar tinggalane Dampoawang sing kapale nyasar ing segara Rembang. Dampoawang kuwi sejatine julukan nahkoda asale saka China. Nanging sing terkenal neng Rembang Dampoawang kuwi yaiku Dampoawang Laksamana Cheng Ho, sing ana ing crita legenda , tau kalah perang tanding karo Sunan Bonang. Bener orane crito kuwi mau legenda turun temurun sing dikenal ing Rembang.
Ana crito maneh yen jangkar sing panggonana sebelahan karo anjungan TRP Kartini iku dianggep keramat lan tau gawe repot wong kang nyambut gawe sing arep mindah jangkar sing maune ana ing njero taman Kartini, dipindah luwih njorok segara ana crito mbah Bening tau nggergaji sebagian jangkar mau kanggo bahan gawe keris, jare sawise ngethuk jangkar mau ing Rembang udan deres banget.
Asal-usule jeneng Rembang yaiku neng sebelah kulon Kadipaten Binangun neng sekitar rawa-rawa sing asring kasebut rawa setro, ana penduduk sing penggaweane dadi tani yaiku ning Gedangan, Ngampo, Ngotet, Balong, Turus, Godo, akeh banget wong kang nandur tebu kanga rep dienggo digawe gula. Saengga tanduran tebu mau mung digunakake bahan pakan sapi lan kanggo kayu obong. Penduduk mau migunakake gula kanggo kebutuhan urip, oleh saka nyadap lan proses banyu mina (bogor) utawa saka kelapa.
Sekitar taun Saka 1336 utawa taun 1414 M, wong-wong Kamboja teka saka Lasem arep gawe gula saka tebu. Wong Kamboja mau wis duwe tehnik cara gawe gula saka tebu lan duwe pimpinan sing umure wis tuwa banget jenenge Pow La Dian. Gerombolan wong Kamboja ninggalake daerah Lasem, lewat laue mara neng kulon lan labuh neng muara kali sing kiwa tengene iku dithukuli wit Bongaw (bakau utawa bangkat). Neng sakiwa tengene kwi, wong Kamboja urip lan nandur tebu lan nandur tanduran pangan liyane.
Panggonane kuwi dijenengake Kabongan, yaiku saka tembung Ka-Bongau-an sing duwe arti daerah sing akeh wit bangaw. Sawise tanduran tebu kuwi wis cukup umur kanggo diolah dadi gula, Pow La Dian lan kanca-kancane mulai gawe gula. Sadurung gawe gula dianakake upacara neng panggonan sing ditanduri tebu. Neng upacara mau uga dianakake acara “pemotongan” tebu sing kaping pisan dikethok rong batang wit tebu, acara mau diarani “ing Rembang sakawit”. Dadi ing Rembang iku sejatine nebang utawa mbabat / ngethok tebu. Amarga angger taun dianakake acara “ing Rembang” suwe-suwe daerah mau diarani daerah Rembang.