Isi Buku Tamu

Guestbook

Lihat data pengunjung

Hit Counter free counters Free counter and web stats Add to Google Reader or HomepagePowered by FeedBurner

rss

Sugeng Rawuh


Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun

Kamis, Juni 05, 2008

Mula Bukane Sragen

Pemberontakan Cina sing dipimpin dening Sunan Kuning utawa Raden Mas Garendi marahi Paku Buwana II pilih lunga neng Pacitan. Salah sijine senopati Kartasura sing jenenge Tumenggung Alap-Alap oleh wangsit lewat ngimpi. Neng ngimpine iku, Tumenggung Alap-Alap ditekani pawongan.
“Hey Tumenggung, iki ana telung pusaka, tebok (wadah sega), lumbung pring, karo tongkat. Telung pusaka iki gawanen lunga saka Kartasura kene. Besok nek wis tekan titi wancine, pusaka telu iki kudu mbok wenehke karo Pangeran Mangkubumi nalika ana perang gedhe”.
Tumenggung Alap-Alap kaget nalika dheweke tangi, pusaka telu iku wis ana neng cedhake. Tumenggung Alap-Alap banjur lunga mengetan saka Kartasura.



Tekan desa Kranggan, Tumenggung Alap-Alap rumangsa betah, lan akhire milih manggon neng kana dadi kyai, lan njenengi awake dhewe dadi Kyai Srenggi.
Wis sauntara wektu Kraton Kartasura pindhah neng Surakarta. Wektu semana Pangeran Mangkubumi ora seneng karo Patih Pringgalaya sing mbelani Kompeni (Walanda). Akhire Pangeran Mangkubumi milih lunga saka Kraton, sangu duit 2000 real saka Sunan Paku Buwana II. Pangeran Mangkubumi lunga lewat Jebres menyang Tanan Bang Wetan.
Neng Tanan Bang Wetan, Pangeran Mangkubumi oleh simpatik saka warga. Akeh warga sing padha dilatih dadi prajurit sing kuat kanggo nglawan Walanda. Ananging Pangeran Mangkubumi kepeksa mundur amarga prajurite wiwit ora kuwat, amarga kentekan pangan. Pangeran Mangkubumi lan prajurit akhire tekan desa Kranggan. Neng kana tibake Pangeran Mangkubumi wis ditunggu-tunggu dening Kyai Srenggi.
Kyai Srenggi memelas ngingeti kahanan Pangeran Mangkubumi lan prajurite.

“Mangga Pangeran Mangkubumi, pinarak mlebet. Dhahar rumiyin sakwontenne”, omonge Kyai Srenggi.
Para Prajurit dikon mangan panganan sing wis dicepakake. Kanggo Pangeran Mangkubumi, Kyai Srenggi wis nyiapke sega lawuh pecel lan iwak pitik sing diwadahi tebok, lan legen sing diwadahi lumbung pring, banjur nyerahke pusaka sing keri dhewe, yaiku tongkat. Kyai Srenggi nyritakake wangsit sing ditampa pirang taun kepungkur.

“Nyuwunsewu Pangeran, kala rumiyin, dalem nate pikantuk wangsit lewat ngimpi menawi dalem dipun peseni njagi tigang pusaka ingkang samenika dalem kangge wadah dhaharanipun panjenengan, Pangeran”, mature Kyai Srenggi.
“Kyai, aku maturnuwun banget, njenengan wis nulungi aku sak prajuritku”.
“Dalem naming nglampahi amanat saking Gusti, Pangeran”, wangsulani Kyai Srenggi.
“Saiki aku wis ngerti maksude kabeh panganan sing mbok suguhke nganggo pusaka-pusaka iki. Mula kuwi, Kyai lan kabeh sing neng kene tak jaluk dadi seksi, yen panggonan iki tak jenengke Sragen”.
“Sragen, Gusti?”, pitakone kabeh wong sing neng kana.
“Iya, Sragen. Panggonan iki tak jenengke Sragen amarga neng kne iki Kyai Srenggi wis masrahke telung pusaka lan menehi aku legen” Pangeran Mangkubumi njelaske.
Wiwit iku, panggonan (desa) sing dienggoni Kyai Srenggi ganti jeneng dadi dukuh Sragen ( Gathukane tembung srah, saka pasrah, lan gen saka legen).

***

Comments
0 Comments

0 komentar:


Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)

MENU UTAMA

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Crita Rakyat

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "JARWO37@GMAIL>COM"
    Nuwun...

    Enter your email address:

    Delivered by FeedBurner

Facebook Sastra Jawa

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

http://www.matswopati.tk http://4.bp.blogspot.com/-bC3cV4bd7RA/VNOs1wF9gYI/AAAAAAAAFFY/EXXJ682sI-A/s1600/Karikatur%2Bmurah%2BSemarang.jpg
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK
Berikan donasi sebagai wujud kepedulian kepada kebudayaan Jawa. Dana Iklan digunakan sepenuhnya untuk keberlangsungan blog Sastra Jawa. Pasang iklan KLIK

Ngengingi Sastra Jawa Blog

ARSIP
Unduh
LINK
Pesbuk
Kontributor
  

Follow Sastra Jawa blog
ARSIP BLOG SASTRA JAWA


 

Pengikut

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007