Dening : Yoni Ahmad
Kadeleng ing mripatku
Ana sapi mloka-mlaku ning sawah
Ngalor-ngidul mangani suket
Kaya-kaya uripe seneng banget
Nanging coba deleng
Ana tali tampar nggandhuli irunge
Sapi iku ora bisa mardhika
Pengen ngidul digeret ngalor
Pengen ngetan digeret ngulon
Bubar dicombor
Sapi dikongkon mluku
Sapi nurut wae
Nanging kena apa kok isih dipecuti
Apa kudu kaya mangkono
Ngatur barang sing dipengen
Sugeng Rawuh
Sumangga dipunsekecakaken, mugi Para Kanca Sastra Jawa Sutresna kersa nilaraken panyaruhe. Pamanggih panjenengan mugi saged ndadosaken kasampurnanipun blog Sastra Jawa menika. Nuwun
Sabtu, Juni 14, 2008
MANUTING RAGA


Langganan:
Posting Komentar (Atom)