Jumat, Maret 07, 2014

SENDHANG SINANGKA JEPARA

Ing Desa Bungu Kecamatan Mayong Kabupaten Jepara ana sejarahe Den Subanjar. Den Subanjar kuwi asli saka Arab.
Ing zaman biyen kumpul kaluargane ana ing negara Arab. Wektu semono tlatah iku dipimpin Raja Arab kang jenenge Khusyain. Raja Khusyain kuwi nganut Agam Islam, mula kuwi rakyate dikongkon manut karo Agama Islam kabeh. Nanging kaluargane Den Subanjar nganut Agama Budha. Raja Arab ngangkon Prajurite supaya ngajak kaluargane Den Subanjar melu Agama Islam. Nanging kaluargane Den Subanjar ora gelem nganut Agama  Islam isih tetep nganut Agama Budha. 
Raja Khusyain ngamuk lan nesu amarga keluargane Den Subanjar dikongkon nganut Agama Islam secara alus ora gelem.

Akhire kaluargane Den Subanjar dipeksa nganut Agama Islam. Kaluarga Den Subanjar akhire gelem nganut Agama Islam.Nanging Den Subanjar dhewe tetep ora gelem nganut Agama Islam, banjur lunga saka omah ninggalake kaluargane. Raja Arab ngutus  Patih lan Prajurit supaya bisa nemokake Den Subanjar, ing salah sawijine panggonan Den Subanjar ketemu karo Patih lan prajurit Raja Arab. Den Subanjar dipeksa nganut Agama Islam tetep wae ora gelem. Akhire Den Subanjar perang karo Patih lan Prajurit utusane Raja Khusain. Den Subanjar kewalahan ngadhepi Patih lan prajurit Raja Khusain, banjur Den Subanjar mlayu tetep wae isih dioyak-oyak. Den Subanjar ora bisa urip tentrem ana ing Negara Arab. Mula kuwi Den Subanjar mutusake mlayu saka Negara Arab. 

               Wektu Den Subanjar mlayu saka Negara Arab, Den Subanjar tetep wae isih dioyak-oyak banjur lunga menyang Negara Indonesia tepate ing Kutha Jepara Kecamatan Mayong Desa Bungu. Ing Desa bungu isih ditututi karo Patih lan Prajurit Ratu Arab sateruse Den Subanjar mlayu menyang Alas Bungu, Den Subanjar banjur nancepke kayu banjur dadi sendhang. Sendhang kuwi mau dianggo ndhelik dening Den Subanjar saka oyakane patih lan prajurit Raja Khusyain. Sendhang mau ora bisa mili banyune, miline mung ing wektu-wektu tertemtu. Ing pinggir sendhang kuwi mau ana wit nangka metu wohe loro. Nangka mau tiba ing sendhang banjur sendhange bocor. Mula sendhang kuwi dijenengi Sendang Sinangka sing ana ing Desa Cemani.

Wektu Den Subanjar ndhelik ing Sendhang Sinangka mau utusane Raja Khusyain bisa namokake Raden Subanjar. Den Subanjar  banjur mlayu maneh. Miturut kapercayan masyarakat Bungu yen Sendhang Sinangka kuwi metu banyune nandhakake yen bakal ana bebaya ing Desa Bungu. Nanging banyune kuwi akeh paedahe terutamane bisa kanggo tamba. Nalika Sendhang Sinangka kuwi metu banyune masyarakat padha bebarengan moro ing sendhang kuwi. Ana sing njupuk banyune, lan uga ana sing nganggo adus. Yen masyarakat liya kepengin adus lan ngombe ing sendhang kuwi oleh, nanging yen digawa bali ora oleh, amarga banyu kuwi ora kena digawa metu saka Desa Bungu, yen dilangagr bakal cilaka.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)