Kamis, Februari 19, 2009

DUMADINE JENENG DESA-DESA ING TLATAH KAB. JEPARA

Kurang luwih abad kaping 15 ing tlatah Kabupaten Jepara, dusun Kriyan ana sijine ratu isih kerabat Sultan Demak. Asma Diah Ayu Kalinyamat duwe bojo Sultan Hadirin. Diah Ayu Kalinyamat sawijining ratu kang pinter, kendel lan pideksa. Kejaba dadi ratu uga dadi senopati nglurug mimpin perang nglawan kraton Melayu kang saiki diarani Malaysia nganti menang.
Ing sawijining dina garwane Kanjeng Ratu Kalinyamat marak sowan nekani paseban marang gurune kang asma Kanjeng Sunan Jabar Sodig (alias Sunan Kudus). Ing padepokan menara Kudus ing kana uga rawuh Adipati Arya Penangsang, gandeng Arya Penangsang anduweni ati culika marang sultan Hadirin (garwane Ratu Kalinyamat). Perkara warisan kraton Demak mala Arya Penangsang nuli marjaya marang Sultan Hadirin nganggo keris Agul-agule.


Sultan Hadirin ora terus seda nanging nuli kondur menyang kratone Kalinyamat ing Jepara. Saknjerone lumampah kondur ludirane titis kecemplung kali ing kana, banyu kali mau wernane dadi “ungu” nanti saiki dsa kana diarani “desa Kaliwungu”. Lumampah ngulon maneh ing kana Sultan Hadirin atine mandeg “mayong” nganti saiki desa kana diarani “Desa Mayong”. Nuntukake mlakune mangulon maneh ing kana atine Sulyan Hadirin melang-melang nganti saiki dsa kana diarani “Desa Pelang”. Sakteruse lumakune saya ngulon ing kana Sultan Hadirin mambu ganda mayite dhewe, nganti saiki desa kana diarani “Desa Purwoganda”. Nutgake mlakune maneh ing kana Sultan Hadirin pirsa akeh lebu utawa awu kang padha kabur-kabur nganti saiki desa kana diarani “Desa Lebuawu”. Nutugake lelakune maneh ing kana Sultan Hadirin pirsa manuk Cangak kang akek banget nganti saiki desa kana diarani “Desa Pecangaan”. Nuli nerusake lumakune ing kana sing padha nandu Sultan Hadirin lumakune padha mekeh-mekeh saking kesele nganti saiki desa kana diarani “Desa Pelekehan”. Ing kana Sultan Hadirin lagi seda terus dikubur ana ing kuburan “Mantingan”. Tlatah kabupaten Jepara kang nganti saiki akeh wong kang padha nyekar mrana ing makam Sultan Hadirin.

1 komentar:

Kritik lan pamanggih panjenengan saged mbiyantu kesaenan blog menika.

(Komentar tidak di moderasi. Tapi apabila ada content yang tidak selayaknya ditulis maka akan dihapus)